Mohon tunggu...
KOMENTAR
Humor

Elhadallah

2 Mei 2014   14:38 Diperbarui: 23 Juni 2015   22:57 26 0
Elhadallah
Lagu/Lirik: Ciu Cahyono

Jare-jarene guru digugu ditiru
sa'iki guru kok ora mutu
Biyen guru iku nyontoni nyapu
sa'iki ana sing nyontoni nyabu

Elhadallah
Elhadallah

Jare-jarene guru ganti wong tuwane
sekolah kaya omahe dewe
Nanging jebul ana sing ala patrape
guru kok ndemeni muride

Elhadallah
Elhadallah

Tanda-tandane negara pinuju bubrah
akeh guru sing ora genah
Tanda-tandane negara pinuju bubrah
muride mung ngoyak ijazah

Elhadallah
Elhadallah

-2014-

* Lagu di Youtube: Elhadallah - Ciu Cahyono

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun