Mohon tunggu...
KOMENTAR
Ilmu Sosbud

Merti Desa Salah Siji Kebudayaan Jawa

19 Mei 2024   15:52 Diperbarui: 19 Mei 2024   16:09 82 1
Merti Desa utawa Merti Dusun, kang uga diarani "Resik Desa", nduweni makna kang jero lan simbolik. Acara iku makili rasa syukur masyarakat marang Gusti Allah kanggo nyukuri nikmat kang diwenehake, kalebu rejeki kang melimpah, keslametan, ketentreman, lan keselarasan urip ing donya.

Kanti etimologis, tembung "merti" asale saka basa jawa kang ateges "ngresiki" utawa "ngrawat." Dene "desa" ateges "kampung" utawa "tlatah papan manggon masyarakat." Karo mangkono, Merti Desa oleh ditegesi dadi upaya ngrawat lan njaga kampung utawa desa.

Tradisi iki duwe oyod saka keyakinan masyarakat agraris kang gumantung karo alam. Masyarakat percaya menawa kesejahteraan lan kemakmuran desa ora ucul saka harmonisasi antara manungsa, alam, lan kekuwatan gaib. Kagiyatan iki isih umum banget tinemu ing ndeso. Masyarakat Jawa percaya menawa nalika dheweke kabeh lagi kena musibah, isih akeh bab kang pantes disyukuri.

Rerangkening adicara Merti Desa biasane kalebu sawetara kagiyatan kang nglibatake kabeh lapisan masarakat desa. Kaya ngresiki lingkungan desa kanthi gotong royong, donga bareng ing makam leluhur, arak-arakan kang nampilake kasenian tradisional, sarta menehake kasil bumi marang alam sing dadi simbul rasa syukur marang rejeki kang wis diwenehake. Kang menarik, ing Demak, Jepara, Kudus, Pati, lan Rembang, adicara Merti Desa uga nyisipake adicara pengajian umum utawa kagiyatan shalawatan.

Merti Desa udu sekadar tradisi taunan, nanging uga digunakake dadi wahana ngajak masyarakat nglestarikake lan nguri-uri tradisi warisan leluhur sarta ngajak masyarakat njupuk hikmah lan njupuk nilai filosofis kang ana ing jerone, ing antarane manungsa kudu tansah eling lan waspodo, ngelingi lan ngucapake matur nuwun marang bumi kang wis menehi kabehe kanggo kabutuhan kauripan manungsa.

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun