Mohon tunggu...
KOMENTAR
Puisi

Bekti Marang Rama lan Ibu (Asmarandana)

1 Mei 2019   21:28 Diperbarui: 1 Mei 2019   21:46 239 2
Lir arka makarya agni
Sasmita nala kang yogya
Datan kaloka tan orem
Luh ludira kardi yoga
Sihing datanpa mangsa
Reh amrih merjaya ngelmu
Dados janma kang miguna

Duk atma anggung nyidrani
Sarwi kekitrang kang ala
Sih ngaksama sarwa sareh
Nuladhani paramarta
Aywa nglakoni dosa
Agya pangapunten agung
Kalihan rena lan yayah

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun