Mohon tunggu...
KOMENTAR
Filsafat

Narima Ing Pandum

21 Desember 2012   07:03 Diperbarui: 24 Juni 2015   19:16 416 2

Jagad utawa donya lan saisine diciptakake dening Gusti Allah Kang Maha Kuasa kuwi kanggo janma manungsa kabeh. Hananging manungsa kudu ngupaya kanthi bener supaya bisa ndadekake uripe mulya.

Ana lemah eloh, uga ana sing cengkar. Nanging sanajan eloh yen ora diolah kanthi tenanan ora bakal ngasilake. Semono uga sanajan lemahe cengkar, nanging yen diolah lan dirumat kanthi tenanan bakal bisa menehi panguripan utawa gawe mulyane sing nggarap!

Ora bisa dipungkiri, sanajan manungsa ngupaya kanthi tenanan lan tandanggawe adus kringet ora ngaso ora leren. Kaya-kaya sirah kanggo sikil, asile ora kaya sing dikarepake. Ora perlu digelani. Kita kudu narima ing pandum.

Narima ing pandum kuwi ateges gelem nampa asihing Gusti Allah Kang Makarya Jagad kanthi lega lila sapira gedhe cilike lan akehe. Gedhe cilik lan akehe sih katresnan Gusti Allah Kang Maha Asih dudu ateges apa sing ditampa tansah luwih akeh utawa gedhe tinimbang sing ditampa liyan.Nanging tansah kecukupan kanggo kebutuhan saben dinane.

Narima ing pandum uga ateges ora melik marang apa wae sing dudu duweke dhewe. Akeh tuladha, sing sapa ora gelem makarya lan narima ing pandum tansah urip sengsara ing tembe mburine.

Sapa ta sing ora gelem tansah urip mulya lan linuwih? Kabeh wae mesthi kepingin. Mung wae kamulyane urip dudu merga donya brana sing bisa sirna. Tansah seger kawarasan lan bisa dadi renane sapadha-padha kuwi sing paling mulya.

Nuwun

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun