Mohon tunggu...
KOMENTAR
Healthy

Tangise Kancane Simbah

12 Desember 2012   04:15 Diperbarui: 24 Juni 2015   19:48 285 1

Dhek sasi Sela kepungkur Simbah dolan menyang Surabaya. Sambang putra lan putu sing wis meh setaun ora nate ketemu. Kang putra abot ninggalake pegaweyan. Dene para wayah utawa putu, ora gelem sambang menyang desa papan panggone Simbah ing Wates yen ora dikancani bapak-biyunge. Jarene uga jirih karo sepine desa nalika wayah surup nganti tengangi. Wedi karo swarane walang nangka, reknong, gangsir, lan kinjeng kali sing sesautan karo swara manuk bence lan kokokbeluk utawa dares. Weladalah.....kacang ora weruh lanjarane.

Ing Surabaya, Simbah nginep rong minggu ing omahe kang putra sing ana tlatah Karangasem. Byuuuh....puaaanase ora jamak! Saben dina kulina menyang tegal. Yen kesel padha leren lan ngaso leyeh-leyeh ing lincak sangisore wit nangka. Ing Surabaya, mung thenguk-thenguk ing emperen sinambi ngura-ngura kaya dene ing padesan.

Tumindak Simbah rupane tansah dideleng lan ditamatake karo, simbah-simbah tangga ngarep omah. Simbah kakung lho, dudu simbah putri sing randha...... Asmane Mbah Darmo. Tetembangan lan sesekaran sing kerep ditembangake Simbah dadi sarana kekancan karo Simbah Darmo.

Cekak cerita, Mbah Darmo duwe putri siji. Rabi karo wong Jerman, Wilbert. Sesasi maneh, putri lan garwane arep bali menyang Munich. Simbah Darmo ora duwe kanca. Arep rabi maneh, rumangsa wis ora pantes sanajan mung kanggo kanca aning omah. Dheweken aning omah ora ana sing ngopeni. Mula, putrine mau arep nitipake Simbah Darmo ing Panti Wreda ing Lawang cedhak Malang.

Pancen wis dadi pesten, sesasi kepungkur Simbah Darmo diterake menyang Panti Wreda. Simbah sing bali menyang Wates uga melu ngeterake, jalaran menyang Lawang nunggang montore putrane Simbah.

Jam rolas awan, sakwise ngomong ngalor ngidul ora ana juntrunge kabeh pada pamit. Atine Simbah keranta-ranta nalika ndeleng tumetesing waspa saka netrane Simbah Darmo.

“Wis ora perlu ditangisi. Kang putri bakal urip mulya ing Jerman.”

“Aku precaya yen putriku bakal mulya ing manca. Nanging aku apa bisa ketemu maneh...”

“ Wis ta.... ora perlu ditangisi....”

“ Aku ora nangis mangkate putriku. Aku mung kelingan rikala aku nitipake bapa-biyungku ing kene selawe tahun kepungkur......”

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun