Mohon tunggu...
KOMENTAR
Bahasa

Padha Edan

10 Desember 2012   05:19 Diperbarui: 24 Juni 2015   19:55 465 5

Jaman Edan?

Ah sapa ta sing ngomong kaya ngono kuwi?

Apa ora rumangsa dheweke sing edan....

Kabeh padha meneng kok ya wani temen ngomong yen liyan padha edan

Dudu wonge sing edan

Nanging jamane sing edan

Dadi mula kabeh kudu dadi edan

Merga yen ora edan bisa-bisa kedanan

Kedanan apane?

Ya tingkah pola ya omongane....

Delengen kae...

Wong wuda padha isin kathokan

Wong wadon isin nganggo kotang

Es gandhul tali merang, sing gumandhul katon disawang

Tuwa enom padha mlayu yen weruh wong edan

Mlayu ndelik wedi yen ketemon dheweke waras

Apa ngene iki ora edan

Sumur isi endut

Wis umur seneng mendut-mendut

Nganggo theklek ning krikilan

Yen wis tuwek pancen kudu pecicilan

Empluk wadhah uyah

Sing mumpluk senang digrayah-grayah

Bothekan wadhah bumbu

Dhengkul kothekan weruh sing lemu-lemu

oooooo

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun