Kala krasa perih nalika ngidak Eri sanajan ta ora perih ing ati.
Karo nggonceng arit pacul, dalan iki dak liwati nganggo sepeda keboku sing kemriyet rantene.
Tumetese kringet anget kaya-kaya isa nelesi ngelihe tenggorokanku sing garing merga durung kok kirim sinom.
Dina iki mendhung dadi udan merga semilire angin barat. Teles kebes awakku gebleh lan kadhemen.
Dak pancal banter sepeda merga wedi disamber bledhek. Kanti pengarep tekan omah bisa api-api ngarep pawon lan nyruput kopi banjur mangan sega jagung lawuh gerih sambel trasi bareng sliramu.
Nanging pengarep mung angen-angen tuwuhe jamur ing mangsa ketiga. Garing.
Garing aking kaya blarak kobong ing wayah bengi. Kemratak nggegirisi.
Kaya dene aku sing kemratak eling pamitmu....
"Mas, aku bali menyang kutha wae..."
Ora bisa menggak aku bab lungamu. Sakliyane mung ngelus dada yagene kowe bali menyang sirsiranmu biyen.