Kalanipun taksih awang-oewoeng, dereng wonten boemi kalijan langit, ingkang koetjap roemijin namoeng Sang Hjang Wisesa, poenika ingkang wonten, kendel satengahing jagad, boten ebah-ebah, salebeting batos angeningaken poedjinipoen, njatakaken karsanipun ingkang Mahapasti, wiwit wontening lelampahan. Menggah tjipatanipoen ing batos Sang Hjang Wisesa waoe, boten wonten sanes namoeng wontenipoen pijambak. Toemoenten mireng wonten swara, oengelipoen tetela kados genta. Sakedhap Sang Hjang Wisesa kaget, noenten soemerep wonten goemandhoel ing awang-awang, roepinipoen kados tigan. Enggal tjinandhak sinangga ing tangan, dipun tjipta tigang prakawis. Saprakawispoen dados boemi langit, kalih prakawispoen dados tedja toewin tjahja, tigang prakawisipoen dados Manik toewin Maja. Poenika sadaja sami soedjoed dhateng Sang Hjang Wisesa.
KEMBALI KE ARTIKEL