Mohon tunggu...
KOMENTAR
Puisi Pilihan

[Geguritan] Musprane Esemmu

27 Februari 2020   15:30 Diperbarui: 27 Februari 2020   15:29 1036 13
Marang sliramu cah ayu kang tansah mesem marang aku sanajan ta mung ning gumelaring awang-awang impenku.
Esemmu kang manis kaya sinom gula aren nyegerake tenggorokan sing ngelih merga sumeleting ati kang petarepan ndeleng prenjak nyesep madune melati sing dak tandur ing taman sari.
Ya gene esem sing dak antu-antu bakal ngancani lumangkahe jangkaku ngumbara jagad kang lumebere sih katresnanku mung pengarep metune endhog blorok tanpa jago.
Delengen, kembang melati saiki wis rontok alum gumlethak isor jambu tanpa sumebaring arum wangi
Semono uga esemmu kang sirna kaya lintang panjer rina.
Muspra...

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun