Salah siji sing marakake tetanduran dadi endahing donya kuwi kembang. Kembang kuwi maneka warna wujud lan wernane. Ana sing cilik menthik, werna kuning, putih, abang, biru, abang enom, lan jingga utawa liyane. Iki sing marakake kumbang, kupu, lan tawon kesengsem mula teka lan ngisep sari madune. Merga ana tawon.lan kanca-kancane mau, kembang bisa kawin lan bakal dadi woh. Mula yen ana tawon, kumbang, lan kupu mencok ning kembang aja digusah.
KEMBALI KE ARTIKEL