Mohon tunggu...
KOMENTAR
Healthy

Keep Smiling, God Loves You!

10 Januari 2014   20:23 Diperbarui: 24 Juni 2015   02:56 118 8

Ee…ee…mbok ya mesem, mrengut paedahe apa?

Ee…ee…mbok ya ngguyu, susah paedahe apa?

Pancen yen digatekake kanti tenanan, apa sih paedah wong tansah mrengut utawa mbesengut? Urip pancen kala-kala susah, nanging satemene akeh bungahe. Mesem lan gumuyu kuwi bisa dadi bungahe atine liyan. Dudu mung kanggo awake dhewe. Mula, ayo padha mesem nalika susah. Apa dene yen bungah.

Aja mung mesem nalika, liyan nggatekake awake dhewe. Kaya nalika arep pentas, arep poto, utawa ana liyan sing mesem lan gumuyu marang kita.

Bungah susah kuwi ana wektune…..ora usah digelani utawa digetuni.

Mesema.... Gusti Allah Kang Murbaning Dumadi tansah nresnani kita kabeh!

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun