Mohon tunggu...
KOMENTAR
Humaniora

Jaka Tingkir Ngawula Ing Demak (Babad Tanah Jawi)

28 April 2012   15:44 Diperbarui: 25 Juni 2015   06:00 1810 0

Mas Karebet melu Nyai Ageng Tingkir.

Sedane Ki Ageng Pengging lan Nyai Ageng Pengging gawe prihatine Nyai Ageng Tingkir.Mula budhal menyang Pengging arep mupu Mas Karebet supaya dadi bocah kang trapsila. Pancen Mas Karebet kuwi bocah bagus. Bareng wis gedhe Mas Karebet diarani Jaka Tingkir. Karo Nyai Ageng Tingkir, Mas Karebet diutus ibune ngelmu marang salah sijining wong sing isih darah utawa tedhak turune Majapait aran Ki Ageng Sela. Jalaran isih turune Majapait, Ki Ageng Sela duwe gegayuhan bisa nurunake ratu ing tembe mburi.

Sawijining dina, sakwise tandanggawe babad alas kanggo sawah, Jaka Tingkir turu ing ngarep omah. Ing tengah wengi digugah dening Ki Ageng Sela banjur ditakoni apa dheweke ngimpi. Jaka Tingkir bingung, jalaran pancen ya ora ngimpi apa-apa merga turune kepati sakwise tandang gawe sedina muput. Saktemene, sing ngimpi malah Ki Ageng Sela dhewe. Impene, dheweke arep babad alas nanging bareng tekan alas sing teka dhisik malah Jaka Tingkir. Tegese impen iku, Ki Ageng Tingkir duwe kekarepan madeg dadi ratu nanging malah Jaka Tingkir sing diwisuda.

“ Ngger, putraku Jaka Tingkir apa kowe dhisik nate ngimpi sing ora kok mangerteni?” pitakoneKi Ageng Sela.

“ Rumiyin, kula taksih nyepi wonten Redi Telamaya nalika tilem ngimpi kedhawahan rembulan.” ature Jaka Tingkir.

“ Mangertia, tegese impenmu kuwi tandha wahyu yen mbesuk kowe bakal urip mulya. Mula saiki enggala ngawula menyang Demak. Donga pangestuku bakal ngiring sliramu…. Aja nganti kowe duwe watak kang sembrana sing bisa ngadohake kanugrahan Gusti Kang Murbaning Dumadi,” pituture Ki Ageng Sela.

Jaka Tingkir pamit lan nyuwun donga pangestu. Banjur tilik ibune dhisik ing Tingkir. Jalaran isih kangen merga wis suwe ora ketemu, Jaka Tingkir nginep rong dina ing Tingkir saperlu ngilangake rasa kangen uga ngrewangi ibune nggarap sawah. Nanging, Jaka Tingkir nalika ngaso matun sawah didhawuhi Sunan Kalijaga supaya enggal menyang Demak. Miturut dhawuhe Sunan, Jaka Tingkir budhal menyang Demak. Ing kana, nemoni Ki Lurah Ganjur sing wis suwe ngawula ing Demak.

Jaka Tingkir ditundhung saka Demak.

Kacarita, Sultan Bintara wis seda. Banjur sing dadi ratu putrane kang keloro, Pangeran Sabrang Lor. Jalaran sing pembarep kuwi putri, asmane Ratu Mas sing wis digarwa dening Pangeran Cirebon. Durung suwe dadi ratu, Pangeran Sabrang Lor seda. Amerga durung duwe putra, mula diganti dening Raden Trenggana kanti gelar Sultan Demak.

Sultan Demak weruh yen Ki Lurah Ganjur duwe ponakan Jaka Tingkir sing bagus rupane, digdaya, lan duwe unggah-ungguh mula atine kesengsem. Jaka Tingkir banjur didadekake lurah tamtama sing cacahe patangatus. Saben dina, Jaka Tingkir nggladhi para prajurit tamtama supaya prigel.

Salah sijining tamtama, ana sing pawakane gedhe dhuwur nanging seneng umuk merga rumangsa digdaya. Jaka Tingkir ora dhemen marang tingkah polahe tamtama kang aran Dhadhungawuk saka Kedhupingit kuwi. Jaka Tingkir, kobong atine banjur njajal kasektene Dhadhungawuk.

“Sumangga, raden,” wangsulane Dhadhungawuk marang tantangane Jaka Tingkir.

Jaka Tingkir njupuk sadak saka gagang godhong suruh banjur disudukake marang jajane Dhadhungawuk. Sanalika dheweke mati ngenggon jalaran jajane pecah kesuduk gagang godhong suruh. Kadadeyan iku keprungu dening Sultan Demak lan dadi dukane, amerga Jaka Tingkir gawe patine liyan tanpa dosa. Jaka Tingkir didukani entek ngamek kurang golek lan ditundhung saka Demak.

Sepira getune Jaka Tingkir, mula dheweke ngumbara menyang alas ngedohi liyan jalaran isin. Lakune saya suweh saya adoh malah nganti tekan Gunung Kendheng. Ing kana, dheweke ketemu Ki Gedhe Butuh kanca sakpeguron Ki Ageng Pengging. Ki Gedhe Butuh, kuwi sing weruh laire bayi Jaka Tingkir utawa Mas Karebet. Dening Ki Gedhe Butuh, Jaka Tingkir dituturi akeh-akeh supaya bisa nglalekake kedadeyan sing kliwat lan sinau kawruh kaluhuraning budi. Ki Gedhe Butuh nyuwun tulung marang Ki Ageng Ngerang supaya menehi piwulang marang Jaka Tingkir.

Bareng wis rada suwe, Ki Gedhe Butuh ngutus Jaka Tingkir bali menyang Demak sing dianggep wis gelem menehi pangapura Jaka Tingkir. Jaka Tingkir pamit budhal, jalaran isih isin, dheweke lunga menyang Pengging lan turu ing pasareane swargi Ki Ageng Pengging, bapake. Ing sajroning turune, Jaka Tingkir didhawuhi bapake supaya menyang Desa Getasaji nemoni Ki Buyut Banyubiru. Sanajan Jaka Tingkir ora tau ketemu swargi bapake, dheweke banjur menyang Desa Getasaji.

o

o

Jumuwah Legi, Ereng-erenge Redi Meru

Disadur dening© Mas Ukik saka Babad Tanah Jawi.

Penerbit lan tahun terbit ora diweruhi.

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun