Mohon tunggu...
KOMENTAR
Humaniora

Mas Karêbèt Putrané Ki Agêng Pêngging ( Babad Tanah Jawi )

26 April 2012   20:33 Diperbarui: 25 Juni 2015   06:04 1124 2

Lairé Mas Karêbèt

Sawisé Majapait sirna ilang kêrtaning bhumi, Ki Kêbo Kênanga banjur lunga babad alas Pêngging ing sisih wètan èrèng- èrènge Rêdi Mêrapi. Apa kang ditandangi déning Ki Kêbo Kênanga marakaké wong-wong liya uga mèlu. Mula Pêngging dadi padhukuhan kang rêjo. Apa manèh sakwisé Ki Kêbo Kênanga sing wis ngrasuk agama Islam lan ngêdêgaké langgar ing kana. Ki Kêbo Kênanga banjur didadèkaké sêsêpuh dukuh ing kana kanthi aran Ki Agêng Pêngging.

Saya suwé, Pêngging dadi dèsa kang saya rêjo sing kacukupan asil têtanèn lan pakêbonané. Malah asilé bisa diêdol mênyang Dêmak Bintara. Mula Pêngging bisa diarani dèsa kang gêmah ripah loh jinawi tata têntrêm kêrta raharja. Kanggo pamuji syukur marang Gusti Pangeran Kang Maha Kuwasa, sawijining dina Ki Agêng Pêngging nanggap wayang bèbèr. Wong-wong dèsa padha kumpul ing ngarêp omahé Ki Agêng Pêngging. Sêmana uga kanca sak pêguron ing Sunan Kalijaga, yakuwi Ki Agêng Tingkir, Ki Agêng Butuh, lanKi Agêng Sêrang

Ing wayah têngah wêngi nalika wayang bèbèr wis mèh bubar, Nyai Agêng Pêngging sing lagi ngandhut krasa nglarani banjur babaran. Putran é lanang, banjur diwénéhi jênêng Mas Karêbèt. Ki Agêng Tingkir sing ngancani Ki Agêng Pêngging wêruh yèn putrané Ki Agêng Pêngging bocah lanang banjur ngêndika yèn Mas Karêbèt bakal madêg dadi ratu. Ki Agêng Pêngging rumangsa bungah atiné lan nyuwun marang Gusti Kang Murbaning Dumadi apa kang diaturaké Ki Agêng Tingkir bisa dadi kasunyatan.

© den mas ukik.ft
KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun