Mohon tunggu...
Ki Ali
Ki Ali Mohon Tunggu... wiraswasta -

percayalah, jangan terlalu percaya. apalagi kepada saya.

Selanjutnya

Tutup

Sosbud

Maca Panjebar Semangat

5 Oktober 2011   11:24 Diperbarui: 26 Juni 2015   01:18 7979
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Pemerintahan. Sumber ilustrasi: FREEPIK/Freepik

Kiye inyong agep ndopok semending. Rika-rika sing gelem nyemak dopokane inyong ya kesuwun, sukur ya gelem nanggapi ora ketang mung andon ngiyani utawane malah moyoki..ora papa, inyong ora bakal murina. Kiye kaya kiye.. Wis telung tahunan kiye inyong langganan (maning) Panjebar Semangat (PS). Maning, sebabe ganu agi tahun 1993-an, inyong ya wis langganan senajan ora dejujugi tapinen tuku dewek aring Puraketa. Arane ya pancen langganan sebab jerene sing adol PS sing gedug aring Puraketa ora akeh dadi angger agep tuku ya kudu langganan, mangsude kudu tuku terus dadi bakule nggulih kulak utawane pesen ya bisa nambah jumlah tur ajeg sebanjure. Kuwe tahun 1993-an. Laten tahun 1995-an mandeg mergane inyong lungang Surabaya (ora prelu tek kandahena ngapa inyong neng kana, apamaning dadi apa). Inyong kawitane maca PS kuwe jane ya wis lawas pisan. Nalika jamane inyong megin sekolah SD, ana piyayi sing daleme perek sekolahan sing kagungan majalah PS. Angger pisan kala biyunge inyong mertamu ngendong aring nganah, inyong ya nginthil melu. Neng kono kuwe inyong weruh lan maca tur ya banjur sengsem karo PS gedug seprene. Kapan biyunge inyong aring nganah, ya inyong melu..agep nunut maca PS.. Wektu semana, sing banget tek senengi kuwe rubrik "Crita Rakyat", "Crita Pewayangan" lan "Alaming Lelembut", uga rubrik "Obrolane Kang Carub" sing sekiyene dadi "Obrolan Banyumasan", ora keri ya rubrik "Taman Geguritan". Sing liyane urung utawane ora tek waca, sebab inyong sing pancen megin bocah kuwe ya seneng mung aring crita-crita jaman gemiyen, crita jagad pewayangan lan crita-crita sing medeni, senajan tek akoni inyong busanu angger agi ngluyur dewekan ya cokan prandang-prinding kemutan sing neng njero crita-crita medeni kuwe mau. Rubrik "Crita Cekak" utawane "Crita Sambung" inyong urung seneng maca, senajan mbareng suwening suwe ya akhire dadi maca. Malah jamane wis langganan dewek inyong seneng banget karo Crita Sambung sing judule "Suro Bangsat". Kaya ngapa dalan critane ya inyong wis kelalen. Tapi pancen apik koh yakin critane. Gedug sekiye ana siji pengarang PS sing banget tek senengi tulisane. Panjenengane asma Wisnu Sri Widodo. Biasane nulis Crita Rakyat lan Crita Pewayangan. Sing marakena inyong banget sengseme kuwe nggulih nganggit ukara lan kalimah-kalimah sedawane crita. Salah sijine sing inyong banget sengseme senajan ora tutug nggulih maca kuwe Crita Rakyat sing judule "Tembang Bumi Medhang". Mbuh PS nomer pira tahune kapan inyong wis kelalen. Pokoke tumrape wong jawa sing megin karem sengsem aring basa Jawa lan sejarah Jawa, kaya-kayane ya akeh senenge timbang orane. Maen pokoke lah. Kabeh anggitane panjenengane Wisnu Sri Widodo inyong seneng maca, lewih-lewih sing nyritakena kahanan bumi Jawa nalikane sedurung jaman Majapahit-an. Crita Pewayangan-e PS ora prelu decrita, wis mesthi nengsemena, dasare inyong dewek ya pancen wong doyan nonton wayang kawit cilik nganti seprene. Senajan inyong wong Banyumas sing lewih cocog karo kaki Bawor, ningen crita wayang-e PS sing pancen lewih akeh cara wetanan sing nganggo Bagong ya ora dadi masalah. Wong inyong ya busanu cokan sewengi ledheg ngrungokna wayangan neng radio senajan dhalange dudu panjenengane Ki Sugino Siswocarito. Tumrape inyong angger dhalange Ki Anom Suroto utawane Ki Hadi Sugito ya seneng-seneng baen, mung pancen angger dhalange Ki Enthus Susmono tah inyong ya pancen suka merem turu. Ora baen pokoke lah. Bali maning aring babagan maca PS. Neng rubrik "Taman Geguritan" ganu kuwe inyong senenge aring gurite panjenengane Turiyo Ragilputro, Es Danar Pangeran, Suwardi Endraswara, utawane Bonari Nabunenar. Senajan inyong dewek ya pancen dudu sastrawan ning inyong seneng maca gurite sastrawan-sastrawan kuwe mau. Sekiye, inyong wis ora patiya seneng aring isine "Taman Geguritan" sebabe gurit sing kepacak wis ora kaya ganu, senajan pinemune inyong ya kiye ya pancen pinemune wong sing ora jegos nulis gurit lewih-leih sastra Jawa umume. Basa Jawa-ne PS pancen basa Jawa sing umume deenggo neng wong wetanan sing inyong rika padha nggulih ngarani jere "Basa Bandhek". Sotenen inyong ya tetep seneng mergane paling ora inyong megin teyeng mbombongna pikir maca apabaen sing nganggo ukara utawane tembung-tembung Jawa. Senajan majalah basa Jawa ora mung PS thok, ana Jakalodhang, ana Jaya Baya, ana Gathotkaca, malah sakuan tahun 1998-an ana Damarjati mbarangan, lan sekiye neng Banyumas dewek ana majalah basa Banyumasan ANCAS, ningen gedug sekiyene inyong dewek pancen megin milih PS ketimbang liya-liyane. Kenangapa ora maca utawane koh lewih-lewih langganan liyane? Mbuh inyong dewek ora teyeng nuduhena apane sing marakena inyong ora utawane kurang cocog aring majalah basa jawa seliyane PS. Mbok menawa pancen merga kawit cilik ngertine ya PS dadi laten ora seneng maca liyane. Sekiye, wis meh telung tahun inyong langganan PS maning. Kaeh majalahe pada numpuk, urut setahun-tahune. Mapag jaman sing wis wayahwene, jamane wong pada seneng basa indonesiahan, malah sing wagu jegu tolih sing pada tiru-tiru cara jakartahan, cara betawian, inyong tah suka maca PS baen. Etung-etung ya melu nyengkuyung nglestarikna budaya lan basa Jawa sing maju dina maju suda sing pada gelem nganggo. Kari wong desa bekikuk sih oraha dekandhah maning, ning bocah-bocah sekiye sing wis pada mangan padon sekolahan wis akeh sing wis ora ngerti basa Jawa, apamaning jere teyenga basa alus semending. Dadi ya cara tembung moncere inyong kuwe setia karo basa Jawa. Seteyeng-teyenge, sekasdu-kasdune ya jawahan ora ketang nganggo cara ngapak banyumasan sing jere cowag mbloak gemradag ora kepenak. Kuwe kaya kuwe inyong nggulih ndopok. Sekiye jajal inyong takon rika pada, wis tau maca PS apa urung? *** katerangan: Gambar dejikot sekang FB-ne PS

Mohon tunggu...

Lihat Konten Sosbud Selengkapnya
Lihat Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun