Tumrape wong sing tau lunga adoh sekang desane–mbuh maring desa liya mbuh maring kota, apamaning jere malah nganti nyebrang segara maring luwar pulo (jawa) utawane manca negara–tembung “bali” kena dearani tembung sing marakaken pirang-pirang pengrasa. Jere Kang Bawor–kae angger Ki Gino agi ndalang–tembung “bali”kuwe tegese marani papan panggonan sing kanggo mangkat lunga. Dadi njujug maring papan kawitan sing wis detinggal lunga mbuh mung sedhela apamaning suwe nganti taun-taunan. Plekara mengko papan kuwe ditinggal lunga maning tah ya mesthi dadi lan ana critane dhewek.
Wong sing lunga ninggalaken desane, upamane, mesthi baen ora ngalami owah-owahan sing ana neng desane selawase detinggal lunga. Teyenge mung ngerti ana owah-owahan angger ana kabar sing teka, mbuh sekang koran, tivi, radio, telpun, sms, utawane sekang critane kanca batir sing nembe baen bali ndesa banjuran lunga maning. Sepira akehe kabar sing teka tetep ora padha karo angger ngalami dhewek apa lan kepriwe anane owah-owahan neng ndesane. Cara mlayune jere “…mengalami tidak sama dengan mendengar atau tahu tentang sesuatu…”
Ninggalaken desa padha baen karo ninggalaken jagading sesrawungan sing dadi warisan awit lahir bayi abang mula tekan ngancik alam kadiwasan, apamaning tekan mapag dina yuswa. Senajan sakedheping netra lir upamane, ninggalaken kabeh sing padha asih tresna lan krikil lebuh lemah ireng banyu belet jangkrik ngerik, ijone godhong lan suket garing, mesthi baen nuwuhake rasa kangen kapang kepengin bali ketemu karo sedulur, tangga lan kanca batir. Wis dadi gawan lahir, menungsa jere nduweni rasa sing mbuh kepriwe koh dadi kepengin ketemu lan kumpul karo wong-wong sing tresna lan ditresnani, uga karo banyu sing cokan dienggo nginum awit esih bocah. Senajan betah neng ngendi paran, ningen mbuh kapana tetep ana krenteg kepengin “bali”.
Wong-wong sing padha kepengin “bali” ora kabeh nemu dalan gampang kanggo nglakoni kepenginane. Ana sing kepalang gisus nggulih ngode buara neng paran, ana sing ora utawane urung duwe sangu nggo ongkos “bali”, ana sing senajan teyeng prei neng kodeane lan duwe sangu ningen ora utawane urung teyeng “bali”–mbok menawa ora wani, ora gelem ketemu karo mbuh sapa pawongan sing ana utawane nduweni ganjelan rasa pangrasa ora ngepenakena ati karo dheweke. Tumrape wong sing kangen kapang ningen ora nemu dalan gampang kanggo “bali” mbok menawa rasa kangen kapange sengsaya tambah kandel nganti netesaken luh lan nuwuhake panggrantes sajeroning nala.
Senajan ora kabeh pada nemu dalan gampang, awit sekang banget kangen kapange, sewise direwangi nungsang njempalit lir umpamane, ora ketang direwangi utang paribasane, wong-wong kuwe pada akhirnya tetep teyeng “bali”. Ana sing “bali” laten ora lunga maning, ana sing “bali” laten lunga maning, malah tambah adoh lungane, malah laten ora tau “bali” maning. Sing bosen ora betah urip neng paran laten padha miwiti latiyan urip neng desane, seanane, seteyeng-teyenge, secukupe. Sing esih betah lan krasa kepenak urip neng paran, laten lunga maning ninggalaken desane, mbesuk angger kangen kapang ya gari “bali” maning, angger mbesuk teyeng soten. Sing wis ora duwe pengarep-arep urip neng desane dhewek, laten nggeblas lunga adoh sisan gawe, senajan ndeyan ya tetep ana krentege kepengin “bali”.
Wong-wong sing padha “bali” ana sing ora mung merga kangen kapang desa lan sedulur melulu. Kayane ana baen wong sing nggulih “bali” uga kesurung kepengin ngatonaken sepira kasile lan begyane awak nggulih sangkar-sungkur nggolet penguripan neng paran. Sing kaya kiye tolih cokan marakaken kiwatengene dadi kepengin tiru-melu lunga buara ninggalaken desa. Sing dikarepena ora liya ya mbok menawa mbesuk angger wis titi wanci teyeng “bali” tolih wis beda lan dadi wong sing bebasan sugih dunya mbanduara, teyeng tuku kulen, teyeng mbangun umah apik angger perlu sing magrong-magrong, cekak cukupe ora nandang kurang kaya sedulur liyane. Ewadene mbesuk jebule ora kesembadan ya gari “bali” nglanthung dadi wong ndesa maning, kader ora mung dhewek lan batire sing senasib ya lewih dening akeh.
Sekiye inyong takon: cembenengan kepengin “bali” apa ora?
**
kiye tolih anu tulisan kuna ireng jamane mangsan friendster, tek aturna cembenangan padha mbok menawa madan nyocogi jere pirang dina kiye akeh wong pada mudik..sumangga..
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H