Nggal tahun bae, enyong sampeyan kabeh alhamdulillah menangi puasa neng wulan suci ramadhan. Ora mangan, ora nginung, ora udud awit subuh tekan maghrib. Mung sing dadi pertanyaane, puasane enyong sampeyan kabeh apa wis kegolong puasa sing berkualitas? Apa cuma sekedar puasa formalitas?
Angger padu ora mangan, ora nginung, ora udud, tah ndeya bocah cilik ya bisa. Tapi angger bener-bener bisa nahan segalane, termasuk saka perkara sing ngrusak pahalane puasa. Apa maning bisa ngurip-nguripi bengine ramadhan karo ibadah-ibadah sunah. Kaya taraweh, tadarus, maca Qur'an, qiyamullail lan ibadah liyane. Ditambah sregep infaq shodaqoh e. Kiye likuh, ndeya sing diarani puasa sing berkualitas.
Mung bae, ya ora gampang nglakoni puasa sing berkualitas. Enteng kecape, abot sanggahe. Nyatane, kanjeng Nabi Muhammad SAW wis weling awit jaman samana. "Ngko akeh umatku pada puasa, tapi ora olih pahala puasane, kejaba mung olihe ngelih karo ngorong tok".
Pati-pati Kanjeng Nabi wis weling kaya kuwe, berarti puasa memang bener abot sanggahe. Terus weling kuwe pancen wis dadi kasunyatan. Akeh wong pada puasa mung padu ora mangan, ora nginung tok. Ora kandeg, ngomongi tangga esih jalan, gawe adu-adu ora pedot. Sombong, gagahan, pedigdag-pedigdig, petingtang-petingtinge esih ajeg. Yen ngomong, ngagul ora iya-iyakha. Ampun ah.
Mangka bener, Yen Imam Al Ghozali mbagi tingkatane wong puasa kuwe dadi telung werna. Siji: Shoumul umum, loro: Shoumul khusus lan sing nomer telu kuwe: Shoumul khususil khusus.
Pertama: Shoumul umum. Ya kuwe puasa umume menungsa. Sing penting ora mangan ora nginung ora udud, sa jerone puasa. Kiye sing jare diarane mung sekedar puasa formalitas. Durung ngerti hakekate puasa sing sa benere. Nembe tarapan dhohire tok.
Kanggone enyong sampeyan kabeh sing luyuten puasa, loken iya esih neng tingkatan pertama bae? Bisaha munggah mlebu neng tingkatan sing nomor loro, ya kuwe puasa sing jare Shoumul khusus. Puasa sing khusus alias khos. Sih sing kepriben?. Ya kuwe puasane wong, sing ora mangan, ora nginung, ora udud tur bisa njaga awak sekujur saka pirang-pirang maksiat. Misale, cangkeme ya melu puasa, ora dlaweran ngrasani tanggani bae, matane ora nggo ndeleng sing ora-ora. Kupinge aja ngrungokna sing ora nggenah. Termasuk tangane ora nggo otak-atik hape bae, koment, nyetatus sing justru kadang ora krasa, jebule nyakiti, ndholimi wong liya. Apa maning saiki jamane canggih. Pan maksiat apa ora ne bisa bae tergantung utak utike tangan.
Sukur tah bisa mlebu tingkatan puasa sing nomor telu, ya kuwe puasa Shoumul khususil khusus. Puasa sing tingkatane khowasil khos, alias plus-plus. Ya kuwe puasa sing bisa nahan saka ora mangan, ora nginung, ora udud, tur bisa njaga saka maksiat awak sekujur ditambah bisa njaga sing arane ati. Atine bener bener bersih, ora kotor, ora penyakiten. Ora ana iri, drengki, khasud lan sapinunggale. Kiye ndeya tingkatan sing paling angel.
Mulane ayuh sedulur, puasane enyong Kabeh kudu terus dilatih, diasah eben tambah kualitase karo ngakeh-ngakehi ibadah lan taubate. Dadi puasa sing enyong sampeyan kabeh lakoni kuwe ora cuma puasa formalitas tok. Tapi bener-bener puasa sing berkualitas. Muga-muga...Aamiiin.
Imam Chumedi, Kompasianer Brebes Jawa Tengah.Â