Pikiran mbuka amba. Angen-angen mabur neng awang-awang. Terus mencit nyamper awan, ngungkuli gunung ngaweh langit biru.
Pikiran terus keluyuran sa jembare aub-aub jagat. Nglamun gumun ajibe gaweane Gusti. Mata nrawang nganti mentog, nandani kabeh sing serba fana. Angen-angen emut balik, mikiri jagat sing enggal pragat.
Mata ngglayap sadar sing lamunan. Kabeh pangkat, derajat bakale minggat. Kabeh seneng bakale ampleng. Siji-siji dijemput ajal sing bakal teka, ora enom-ora tuwa. Ora sugih ora mlarat, kabeh bakal balik ngadep maring Sing Kuasa.
Awak esih badeg. Cangkem esih seneng ngudari aib sedulur, Sepi ing dzikir. Urip cuma mondar-mandir, mung kegawak miline dunya sing pada kenthir.
Imam Chumedi, Wangandalem-Brebes.
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana
Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI