Pesisir Jatimalang
Misuwur kanthi aran Dewa Ruci
Aranmu wis kepatri ing njero ati
Ombakmu lirap lirap ing bumi pertiwi
Sumilir maruta nganti rumasuk ing dhiri
Katingal kapuranta wujude bagaskara
Ombak padha nglabur karang kumalasa
Endahmu ora bakal luntur apa maneh sirna
Nadyan mung sakedhep netra ora bakal lila
Pesisir Jatimalang....
Birumu nyimpen janji kang ora bakal ilang
Papanmu nyimpen sewu kenangan kang ngambang
Kasimpen sinare rembulan lan lintang
Karipta dening Kartiningsih
13112019
Baca Juga:Â Ulat Serakah
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana
Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI