Mohon tunggu...
Kang Rahmat
Kang Rahmat Mohon Tunggu... Administrasi - Blogger

Seorang blogger dan citizen journalist

Selanjutnya

Tutup

Bahasa

Surat untuk Arif Suyono

4 Januari 2011   02:29 Diperbarui: 26 Juni 2015   09:59 501
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Terinspirasi dari seorang Novelis, E.S ITO yang mengirimkan surat untuk kapten Timnas, Firman Utina maka saya akan mencoba membuat surat untuk Arif Suyono, winger yang sempat memancing kekaguman supporter Indonesia. Surat tersebut menggunakan bahasa jawa dialek ngapk, semoga terhibur.

Kang Yono, umure dhewek kiye pada, ora beda adoh ora. Mung bae beda wulan thok. Angger ndeleng ko wingi maen bal-balan ning senayan inyonge dadi kemutan jamane esih cilik gemiyen. Bal-balan ning tengah dalan. Ya mending angger dalane dalan aspalan. Lah dalane isine gragal thok, watune pating pecicil. Isine angger nendang kesasar mbacuk watu dadi sikile njebrag. Marakna inyonge nangis nggaur-nggaur. Pisan kalah bal-balan ning sawah, sawahe langka sing rata babarblas, isine telung lantai dadi angger dadi sayap kaya rika kuwe bakalan munggah galengan apa mudun galengan. Rika esih kemutan mbok, swahae kaki San Rakim? Kaeloh sing siki degarap ning kaki warto.

Kang Yono, rika deneng siki sangar men yah, maen pisan yakin. Bisa nggawa bal cepet banget, ora ana kesele babarblas kaya wong ora duwe wudhel. Iloken rika ora wedi mbok ora teyeng menggok terus nabrak papan iklan apa nabrak gawang? Tapi inyonge salut banget yakin angger ndeleng permainane rika siki. Hawa-hawane tambah dina tambah lepas, ora ana beban babarplothas.

Kang Yono, ning negarane dhewek kiye negara sing bener-bener ora umum, ora lumrah. Paribasane ning istilah basa landane “ada gula ada semut”. Sing jeneng gula rasane legi bakal dikerubungi semut. Wingi-wingine pas dewek menang ping kopang-kaping, mbabad Pilipina, mbabad Malaysia rika, mbabad Laos, mbabad Kunir lan Kencur rika pada disanjung-sanjung ora ketulungan. Gilirane rika diwei kekalahan pas bal-balan ning Bukit Jahil, sing nonton pada sewot. Pada ora eling gemiyen. Pada ora perduli babarblas, karepe menangan baen ora ndeleng kahanan, paribasane wong cilacap “ora urusan, ora urunan, ora duwe duit sih”.

Padahal yah kang, inyong ya ngerti banget,dadine rika wektu semana bisa kalah. Dadine rika pas bal-balan ora kaya biasane. Kuwe mbok mergane rika pada dijeki yag-yagan ngalor ngidul ning kaki Nurdin sing ora perlu. Dijek mangan ning nggone pulitisi, dijek tahlilan apa istighozah, tur dijek lian-liane. Ujarku yah bal-balan ya bal-balan baen, aja decampur-campur. Urusan pulitisi aja digugu nemen-nemen. Anu pulitisi ora duwe kerjaan, biasana pegaweane kur nilang wong nggawa motor kon bisa tuku iwak ayam. Kayan-kayane lagi ora ana gawean dadine pethakilan, ngurusi wong bal-balan. Eh, sing gaweane nilang tah pulisi yah? Dudu pulitisi? Ngapurane, Inyonge mandan ora mudheng, jenenge bae sih wong ndesa.

Kang yono, inyong kur bisa ngelingna ko pada. Dolanan bal-balan bae lan ora usah mikirna apa-apa. Bal-balan ora ana urusane karo garuda di dadamu. Arep garuda di dadamu kek, arep manuk prit ning sirahmu, arep perkutut ning pundakmu, ora usah di pikirna. Ora usah digagas. Prinsipe kowe nganggo istilah cilacap mau kae bae, “ora urusan, ora urunan, ora duwe duit sih”.

Urusan bal-balan kuwe ora ana hubungane karo harga diri bangsa, sebab harga diri bangsa kuwe methukul sekang sikape menungsa dudu sekang pengarep-arep menungsa. Ning lapangan ko pada ora mewakili sapa-sapa, kodolanan bal nggo kesenengamu dewek. Ning pinggir lapangan ko ora usah noleh sapa-sapa, kejaba ki Alfred Riedl sing duwe kepercayaan dene bal-balan kuwe dudu dagangane murahan.

Kang yono, welingna karo kang Firman, dek Okto, lan kang Ridwan. Golih dolanan bal sing lepas bae, mbayangna kaya dhewek ganu bal-balan ning gili gedhe sing watune pating pecicil mau kae, apa mbayangna bal-balan ning sawahe kaki San Rakim sing galengane tingkat telu wayah sore rame-rame.

Kang yono, omongna yah karo kang Maman, kang Hamzah, kang Kipli lan Kang Nasuha nek dadi bek kuwe aja kakehen beban pikiran, anggep bae dadi bek kuwe mempertahankan kesengane ko. Ya, misale ko seneng bajing kikis, arep direbut wong, priwe carane bajing kikis mau ora kerebut. Aja mikir-mikir liyane kaya urusan pulitisi mau. Tulung sisan domongna maring kang Markus, de mandan tenang ndipit sih ngapa. Aja weg-wegan baen, mbokan kameramene bingung njikot fotone rikane, mengko ngafdreke dadi suwe. Sing penting prinsipe bal-balan kuwe udu masalah kebobolan, tapi masalah mbuyarna impiane lawan. Dadi, angger lawane ngimpi nglebokna bal ning gawange ko pada yah, gugah bae turune rame-rame, kon aja ngimpi maning. Kon gagiyan tangine..

Inyonge titip salam nggo pelatihmu, kaki Alpred. Kon aja mrengut baen, hawane kaya wong susah. Kaya wong lagi lara untu atawa sariawan. Wayahe ko pada ngegolna, mrengut. ko ora ngegolna, njepathut, ko kebobolan ya tambah mrengut maning. Ora ana expresine babarblas, yakin. Mesem sending sih ngapa? Jerene kaji ngamir wong sing mesem kuwe ibadah. Ibadah, kuwi olih ganjaran sing tikel-tikel.

Terakhir, kang Yono. Inyong wingi krungu kabar jere kang Bahdim arep dicoret saka Timnas. Yakin, inyonge ora lila babarblas, ora trima sumpah. Priwe critane anu pemain sing maine apik koh malah dicoret? Kur gara-gara main ning LPI, malah dicoret. PSSI karepe kepriwe jane? Arep nantang gelut karo rakyat indonesia apa yah? Mbok ya, sing penting maine apik, sing penting disiplin, taat aturan. Peribasane arep main ning liga super, liga jarum, liga sukun aja dadi perkara. Lah sih angger main ning liga-liga eropa apa liga arab apa liga bangsa-bangsa ora debelokna ning timnas? Karepe priwe ki Nurdin kuwe? Wong koh ora umum pisan. Hawane pethakilan. Kon mudun ora mudun-mudun, malah gawe wong padha rundah. Siki angger karepe bal-balan arep dipulitiki kaya kiye yah, kuwe si nurdin pada de demo bae kuweh. De demo umahe di krutugi karo sepatu bal pada. Wong koh ora beres banget hawane. Rakyat lagi pada bungah, malah digawe bendu bae isine, tambah rundah. Dadi kang Yono, tulung disampekna maring kang Nurdin, golih nyambut gawe aja sekarepe dhewek. Aja gawe rakyat gela lan bendu, aja nyengsarakna para pemain sing berbakat.

Oya kang Yono, kiye surat surat biasa. Dudu surat cinta, dadi rika golih maca ora usah umpet-umpetan karo wajah berbingar mesem-mesem dewek. Kiye aku gawe surat amarga ning desane dhewek ora ana henpun. Janjane nek ana henpun tah ya ora bakal-surat-suratan. Kaya bahasa tipi kaeh, “ hari gini surat-suratan ? SMS…” dadi aku njaluk tulung rika aja GR yah. Rika de temen olih bal-balan. Kayakuwe mbok kena nggo ngode. Nggo masa depan, ngempani anak bojo. Cukup semene baelah yak, salam

Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana
Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI

Mohon tunggu...

Lihat Konten Bahasa Selengkapnya
Lihat Bahasa Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun