Mohon tunggu...
Kaha Anwar
Kaha Anwar Mohon Tunggu... Serabut-an -

MJS Press

Selanjutnya

Tutup

Puisi

mBabaran

9 Agustus 2011   06:27 Diperbarui: 26 Juni 2015   02:57 222
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Puisi. Sumber ilustrasi: PEXELS/icon0.com

Wayah sore, kiro-kiro arep maghrib. Okeh wong pating sliwer, khususe wong-wong wadon kang setengah tuo. Koyo ono perkoro kang penting sing kudu dirampungi sore kuwi ugo. Ono opo? Opo ono sing duwe gawe? Opo ono lelayu? Jebule mbak Yu Sum, bojone Mas Wanto, arep babaran. Babaran kuwi nglahirke bayi. Pantesan wae okeh wong sing podo repot, koyo ono gawe sing kudu dirantasi.

Mas Wanto awit mau wes tansah deg-degan deleng bojone sing arep nglairke kuwi. Meski deweke ora sing nglairke jabang bayi kuwi nanging deleng bojone teng ploletan, loro sing campur aduk, atine mas wanto melu-melu dadi trenyuh. Bingung arep ngopo tur opo, soale lagi iki deweke ngadepi wong wadon nglairke, opo meneh bojone. Meski Mas Wanto sering deleng wong-wong nglairke nang tv-tv, tapi sing diadepi iki dudu film nanging tenan-tenan wongarep nglairke. Jan gawe deg-degan. Arep ditinggal ora tego, tapi yen ra ditinggal awake dewe sing ra kuat ngingeti untu mringis.

Wong bebrayan kok sarwo deg-degan. Disik pas dadi nganten anyar, malem wiwitan kae, awake yo dredeg, adem panas. Arep polah sarwo salah yen ora diwiwiti polah ealah malah ora betah. Mas Wanto karo bojone dadi patung sing bisu, mung guya-guyu wong loro naliko papasan. Oalah Gusti mosok nganten anyar koyo wong stress, wong ra kebak wae. Mosok koyo ngeni tho critane Rama-Sinta, nganti kapan? Kok bojone randang ngajak-ngajak. Opo aweke sing kudu ngajak? Nanging basane sing pas, mantep, tur mak leg piye yo? Wah ciloko Mas Wanto ora pinter bosa-basi, ra pinter ngrayu, isone terus terang alias bloko suto. Mosok arep bloko suto?. “Dik aku jaluk”. Tapi yo tetep ora sopan, dadi wong lanang kok jalukkan tur bahasane kok yo wagu, ora pantes blas. Cilokone yen bojone mangsuli, “Jaluk opo mas?” mesti gragapan. Jaluk opo ya? Sego wes cemepak nang mejo, unjukan yo wes ono. Jaluk pijet? Ah oralah, bojone kang dudu tukang pijet.

“Jaluk..jaluk anu..anu dik”, ciloko gragapan tenan. Duh anu-anu, ngopo kok yo kuwi sing metu. Mbok ojo anu-anu tho. Jan ra jelas blas bahasane.

“Anu opo mas? Anune keno opo? Anu kuwi opo?”, wangsulane sing wadon jelas bingung nanging karo klecam klecem. Mas wanto soyo ra kuat. Jelas ra cukup ona-anu. Salak esuk. Yen esuk jago podo kluruk sing dibahas wes ora mung anu wae. “Alonono lakumu duh wengi. Sik to aku durung nyambut gawe. Durung ibadah. Sedelet maneh lah!” Opo enake langsung dikrabyuk koyo jago ngoyak pitik-pitik ngono kae yo? Jelas ora sopan. Mosok wong kok niru pitik, kudu duwe corone menungso lan biso ngunggahke derajat kamanungsane. Bojone ora arep diperkosa, tur Mas Wanto dudu tipe wong lanang sing seneng ngrudo pekso. Jaluk wae dikeni kok, wong disik pas seh pacaran bojone pernah ditakoni: lambe blingir, pasuryan kang ayu, batok sing nonong, pokok wiwit duwur nganti ngisor kuwi duweke sopo?. Jawabane bojone: duweke bapake..eh dudu duwe Mas Wanto nanging yen wis dadi bojone. Nah saiki wes dadi duweke, kabeh wes entuk diunduh mung carane ngunduh wae sing bingung: disenggrek, dihorok, dipenek, ditebang opo ngenteni ceblok karepe dewe?

“Piye rasane dik?” takone Mas Wanto marang bojone.

“Loro mas, loro banget. Aku wes ora betah ngempet maneh mas!” jawabe bojone. Mas Wanto soyo asih nyawang bojone sing lemes, isane mung ploletan karo ngempet loro kuwi. Tangane mas wanto terus ngelus-ngelus wetenge bojone sing ngandut kuwi. Sak delet maneh Mas Wanto arep dadi bapak. Bapake anak soko bojone kuwi.

“Sabar disik yo dik. Ngenteni Mbah Tin teko, sing arep mbaturi awakmu. Mengko yen simbah wis teko, aku tak marani bu Bidan”. Tangane mas wanto iseh ngelus-ngelus wetenge bojone. Bojone mbales nyekel pergelangane mas wanto. Keket. Koyo ono omong sing ra iso diomongke. Bojone nyawang mas wanto kanti tenan, nanging sorote ora tajem. Sayu. Mas wanto ngerti yen diingeti bojone koyo mau iku. “Ora opo-opo. Tenangke wae pikirmu dik. Kabeh bakal gangsar!” omongane Mas Wanto sing sak tenane mung pengen ngedem-ngedem atine bojone. Kahanan koyo ngene iki dadi wong lanang kudu biso nguatke ati bojone. Ono nang cedake. Dongake ben diparingi kegangsaran olehe nglairetur slamet jabang bayi lan bojone.

“Piye le. Endi bojomu?” takone Mbah Tin. Mbah Tin, dukun bayi nang desa kono iku tarah wes kondang ngaloko. Wes serek nulung wong-wong sing arep nglairake. Okeh sing percoyo karo Mbah Tin, termasuk Mas Wanto. Mung mas wanto pengen bojone yo ditangani karo Bu Bidan. “Ben komplit!”, wangsulane Mas Wanto saben ditakone kenopo kok ngundang Bu Bidan barang. Maklumlah tenaga medis neng deso koyo ngene iki iseh dadi barang kang larang, jarang tur kadang-kadang ora ono nang kantore, Polindes (Poliklinik Desa). Enenge yen wayah ngantor wae, iku wae yo jam-jaman. Padahal wong nglaireke ora biso disemayani, ora biso dijak rembukan jam semene wae nglairke pas Bidan tindak nang polindes. Ora! Bayi lahir kae sak geleme dewe, yen wayahe lahir yo lahir. Ora biso diempet koyo entut.

Bedo karo Mbah Tin. Mbah Tin ora tau ngantor, tarah ora duwe kantor. Kantore yo omahe kae. Omah sing manggon nang cedake Pak Lurah. Tur kerjane Mbah Tin yo ora dinonan opo maneh jam-jaman. Sak wayah-wayah biso diajak. Ora perduli tengah wengi, udan deres angger wes disambeti wong, langsung wae Mbah Tin tumandang. Embuh wong kok yo entengan gawene. “Arep nulung wong liyo ojo deleng-deleng sopo sing ditulung. Ojo deleng sugih mlarate. Ojo deleng bayarane. Yen awakmu dijaluki tulung kuwi tegese Gusti Allah wes nunjuk awakmu dadi lantarane. Kabeh wong urip iku ono sing ngobahke. Yen wong jaluk tombo nang awakmu tegese wong mau yo diubahke karo Gusti kudu tekan nang gonanmu”. Mbah Tin tarah wong sabar

Sore iki wes tekan omahe Mas Wanto, arep baturi bojone. Kok mung baturi? Iyo Mas Wanto jaluk tulung baturi lan ngawasi bojone sing arep nglairke iku. Mbah Tin dijaluki dongane. “Simbah ingkang dongake garwo kulo, mangke ingkang merdamel kersane Bu Bidan kemawon”, atur acorone Mas Wanto andum penggawean. Sak tenanae Mas Wanto mung rikuh yen ora ngundang Mbah Tin, ngrumangsani ora sopan yen ninggalke wong sing dituwake ning kampunge. Jelas iku ora elok. Ora apik. Meski Mas Wanto duwe kepercayaan yen bidan kuwi luwih apik kerjane mergo disekolahke, dilatih karo wong-wong sing pinter lan trampil. Tapi yen dukun? Ora ono sing ngajari, ora ono sekolah perdukunan bayi. Keahliane entuk soko endi? Iku dadi pitakone Mas Wanto. Memang sampek saiki ora ono sekolah perdukunan bayi. Dukun-dukun bayi kowi ora pernah sekolah. Ora ngerti istilah medis. Sing dingerteni piye carane nulung wong sing srep nglairke kanti slamet jabang bayine lan biyunge. Kuwi tok. Nanging okeh sing yakin yen dukun kuwi duweni kekuatan magis, duwi jopo montro sing gak diduweni poro bidan. Yo jopo montro kuwi penggantine alat-alat medis. Nanging wong okeh sing lali, sak jane ora perkoro jopo montro kuwi sing dadi prigele kerjo, nanging ilmu titen. Yo ilmu titen kuwi ilmune wong jowo moco sak kiwo tengene. Sak jane ilmu titen kuwi ora bedo karo ilmu ilmiah. Ilmu titen kuwi yo ngamati gejala yang terus berulang-ulang dalam tempo waktu tertentu, banjur dirumuske nganggo bosone dewe.

Mas Wanto ora pengen sok-sokan, ora arep nyepeleke embuh kuwi dukun opo bidan. Kabeh arep dirangkul nggo nylametke bojo lan jabang bayine. Mbah Tin yo setuju wae, ora geting pas Mas Wanto ngomong yen sing nangani persalinane bojone ben Bu Bidan wae. Mas Wanto lego karo wangsulane Mbah Tin, dikiro Mbah Tin arep ngomel-ngomel, muring-muring terus nambahi bingunge. Jebule ora. Mbah Tin babar pisan ora nesu, malah sak walike Mbah Tin ngandani, “Arep dukun, arep bidan ora dadi masalah. Kabeh apik. kabeh duweni tujuan sing podo: arep nylametke wong klairan. Ora usah dipermasalahke antarane dukun karo bidan. Kabeh kuwi ora apik. Dukun karo bidan kuwi ora duweni opo-opo. Ora duwe ilmu keselamatan sing pesti. Kabeh mung tansah ilmu nyileh lan ilmu dedongo marang Kang Kuoso.”

Mas Wanto lego. Saiki Bu Bidan yo wes teko. Iseh enom. Kok ngene diceluk bu tho? Jelas bidane iseh embak-embak. Ayu pisan. Nanging Mas Wanto wes arep dadi bapak: mata dilarang jelalatan. Sitik ragu neng ati: lha bidan wae sih enom opo yo ngerti karo babakan lahir, bapakan jabang bayi. Ngraseke deg-deg ser, ngrasake boso sing bisu wae durung mosok paham karo babakan sak wise kuwi. Mas Wanto bimbang, nanging banjur eling karo pituture Mbah Tin: kabeh kepinteran kuwi mung nyileh. Yen gusti ngeparengke mesti kabeh kaijabahan kabeh. Mas wanto percoyo marang bidan sing iseh enom kuwi.

Mas wanto ngenteni neng jobo kamar. Mas wanto ngenteni anake lahir. Mas wanto ngenteni bojone sehat maneh. Bakal pirang wulan mas wanto ngenteni? Ngenteni sing koyo desik nganten anyar kae. Kahanan sing mung bisu-bisuan nanging yo nukulke jabang bayi. Tapi yen suk-suk ora arep dibaline aneh kahanan sing koyo ngono kae. Mas wanto wis paham. Ora perlu bingung. Mas wanto wes ora sabar ngenteni...oalah dasar wong lanang bojo wae durung nglairke kok wes pikirane grangsang. Mbok anumu kuwi ojo kesusu ona-anu, mengko mundak ora apik.

“Anu yo anu nanging ajo anu-anu terus tho mas!”, wangsulane bojene Mas Wonto, 5 tahun kemudian.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Puisi Selengkapnya
Lihat Puisi Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun