Sugeng enjing sedaya/pinanggih malih kaliyan kula Jenny Aprilia wonten ing salebeting pawarta Sragen ASRI//Pamiarsa pawarta ingkang badhe kula andharaken inggih menika Inovasi Digital ing Pelayanan Pemerintah Kabupaten Sragen/kang  Transparansi kanggo Nyegah Korupsi//Pemerintah Kabupaten Sragen nggadhahi komitmen kangge ngupayakaken pemberantasan korupsi// Bab kasebut kacetha ing semangat kang kinandhut Misi Wakil Bupati Sragen kaping 2 periode 2021-2026/inggih menika mujudake tata kelola pemerintahan kang resik/inovatif/efektif/amanah lan sinergis kanthi pelayanan publik berbasis teknologi//Kangge mujudaken semangat lan ancas kasebut/Pemerintah Kabupaten Sragen sampun nindakake kathah Upaya/arupa inovasi berbasis teknologi ing babagan nyegah korupsi lan nyedhiyakake layanan public//
"Kang kudu dieling-eling/kabeh usaha ingkang ditindakake mbutuhake integritas//Tanpa integritas/tujuan gedhe kanggo nyegah korupsi lan pelayanan publik ora bisa kagayuh kanthi optimal,"//ujare Bupati Sragen, Dr. Kusdinar Untung Yuni Sukowati/nalika mimpin rapat umum mengeti Dina Anti Korupsi Sedunia/ ing Alun - Alun Sasono Langen Putro Sragen, Jumat (8/12/2023)//
Rapat Hakordia 2023/dirawuhi jajaran Forum Komunikasi Pimpinan Daerah Sragen/Kepala OPD/ Camat/ASN/lan non-ASN Pemerintah Kabupaten Sragen//Bupati Yuni ngandharaken/Pemerintah Kabupaten Sragen nduweni saperangan inovasi digital kang nyengkuyung pencegahan korupsi kanthi sistem transparansi//"Antawisipun babagan manajemen asset/wonten SI INTAN ASRI ingkang nembe pikantuk penghargaan medali perak/SI PIONER ingkang nyawisaken fasilitas pelayanan perijinan/SISKEUDES -- CMS ingkang nindakaken transaksi non tunai wonten ing pengelolaan APBD/lan taksih kathah inovasi berbasis teknologi sing kita laksanakake,"/ujar e Bupati//
Puncak pengetan Hakordia taun 2023 kang bakal dianakake ing Gelora Bung Karno Senayan Jakarta/Kabupaten Sragen entuk kapercayan kanggo melu Expo Integrity// "Iki minangka kebanggaan Kabupaten Sragen lan uga dadi tantangan kanggo kita kabeh supaya tansah gotong royong/mujudake Sragen resik lan bebas saka korupsi,"/sambunge Bupati Sragen//Ing wekdal punika/minangka kepala daerah/Bupati ngajak Aparatur Sipil Negara ing daerah Sragen mliginipun/supados sinergi nindakaken upaya pencegahan lan pendhidhikan ing pemberantasan korupsi//Utamane/nalika nyedhiyakake layanan kanggo Masyarakat//Sasampune rame kasebut/penandatanganan integritas uga ditindakake dening Bupati lan pejabat Forkopimda/Banjur diterusake panyebaran stiker anti korupsi marang para ASN kang melu unjuk rasa/Mekaten pawarta ing dinten menika kula Jenny Aprilia ngaturaken Sugeng enjing lan Matur Nuwun//
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana
Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI