Mohon tunggu...
Bude Binda
Bude Binda Mohon Tunggu... pegawai negeri -

Langkah kecil kita mengubah dunia. Berpuisi di Http://jendelakatatiti.wordpress.com.

Selanjutnya

Tutup

Sosbud

Embleg, Ebeg Utawa Jaran Kepang

23 November 2011   10:52 Diperbarui: 4 April 2017   17:21 3173
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Sosbud. Sumber ilustrasi: KOMPAS.com/Pesona Indonesia

Wis rong dina iki nyong lagi seneng mbukak Youtube sing isine kesenian Banyumas. Maune bete maca tulisane kadang Bowo Leksono sing aweh tautan nggo nonton film pelajar purbalingga. Lha jebul neng jejere ana lengger, terus ana eling-eling Banyumasan. Tok bukak video kuwe tak tonton. Sinambi ngenteni loading banjur dadi pengin nulis Embleg utawa ebeg utawa jaran kepang.

Kesenian sing siji iki pancen kesenian rakyat sing mbalung sumsum tumrape wong Jawa. Nang kabeh daerah prasasat ana, mung jenenge beda-beda. Nang Yogya jenenge Jathilan, nang Ponorogo reog  (sanajan reog mandan beda ning ya ana jaran kepange), nang Banjarnegara utamane ndesaku nek ngarani Embleg. Ana sing nyebut ebeg utara jaran kepang. Sing meh padha, padha-padha wong njoged numpaki jaranan kang digawe saka kepang utawa anyaman pring.

Sing khas nang jaran kepang iki biasane ana dukunne. Dukun nglakoni ritual menawa jaran kepang arep tampil. Semono uga pas tampil, deweke ndremimil donga. Jarene men dhanyange melu ngibing. Mulane ora gumun wong ngembleg utawa joged  kuda lumping banjuran suwe-suwe padha mendem. Ana sing jaluk krambil enom utawa degan banjur dicakot ngganggo untu kok ya kuat-kuate bisa mangan krambil gale ngarahi  tepese ngganggo untu. Malah ana sing mangan beling! Jajal pas ora mendem mangan beling mesthine metu getihe bisa gawe cilaka.

Nang ndesa-desa meh kabeh duwe grup kesenian jaran kepang. Biasane tampi nang lapangan  nek Agustusan, ngarepaken sasi Sura, malah uga ngarepaken sasi Puasa, amarga pas sasi puasa leren disit ora tampil sewulan nutug. Semono uga nek pas ana sing duwe gawe/hajatan nanggap embleg/kuda kepang.

Kawit cilik nyong seneng nonton embleg. Apik seneng campur wedi nek agi mendem. Uga wedi karo barongane, embleg biyen ana barongane  karo  sing nari lucu ngganggo topeng. Jenenge kelalen. Yen barongan mangap karo muni Plak.....! Terus pada mlayu wedi dipangan!

Jan pancen masa cilik iki seneng nek diemut-emut. Nang lapangan  angger Agustusan terus tukune jajan sawo, timun karo setrup. Setrupe mareng Mbok bakule diwadahe stoples kaca, jane setrup kuwe wedang putih digulani pasir terus diselehi teres warna abang. Lha jaman semana durung kena sirup ABC ya setrup wis enak banget!

Untunge jaman ganti, jaran kepang saprene isih lestari. Nyatane disenengi masyarakat. Bocah-bocah cilik kepara bayi nek disengi nonton jaran kepang mesthi seneng. Banjur tekan ngumah dindek-dindek nirokna tarine jaran kepang. Biasane pakaiane penarine ngganggo klambi lengen dawa ditutupi bolero, ngisore kathok pendek sadengkul. Sirahe ngganggo udheng-udheng, ora kelalen kaca mata ireng. Jan gagah pisan!

Musike sing ngiringi gendhing. Angger nang tlatah Banyumas ya gending Banyumasan. Lagune ana Gudril, Eling-Eling, Waru  Doyong, Kecik-kecik, Ontholuwuk  lan sapiturute.

Cekap semanten, sampun adhan Mahgrib, kapan-kapan disambung. Matur nuwun Kang Ali Ngapak, amarga panjenengan nulis ngganggo basa Banyumasan nyong dadi melu.

BUDE BINDA

Banjarnegara, Rabu 23 November 2011

Mohon tunggu...

Lihat Konten Sosbud Selengkapnya
Lihat Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun