Inyong nduwe tangga jenenge Tuhana. Nang ndesane inyong, Jambangan, wis ngerti kabeh angger Tuhana kue kurang waras. Tuhana kue perawakane cilik, nduwe kulit ireng, ndase cilik, rambute kriting kribo, ngomonge ora lancar, begu, ora ana apik-apike babarblas, urip, ora kanggo sisan, wis komplit pokoke. Sekang gemiyen inyong cilik, Tuhana nduwe nasib sing kurang apik. Sering di wadani nang bocah-bocah dolan, nggo dolanan, uber-uberan, pathak-pathakan. Pokoke melasi banget angger dadi Tuhana kue.
Inyong, saumure urip durung tau weruh kapan turune Tuhana. Saben mbengi Tuhana muter-muter killing ndesa. Ngaruh-aruih bocah-bocah sing pada dolanan wengi-wengi, “Bahi! Bahi!”, maksude Bali! Pada Bali! Embuh kenangapa angger ana bocah pada dolan, mesti kon pada bali nang Tuhana, apa maning nek wengi-wengi. Nek, diaruh-aruih nang Tuhana, bocah-bocah banjur pada madani, “uhana mambu pehing! Uhana mambu pehing!”, sing artine, Tuhana mambu Pesing. Lhah, terus, engko Tuhana jengkel, mathaki bocah-bocah kue mau karo krikil, “Bahi! Bahi!”
Gemiyen, pas inyong teksih cilik, angger esuk-esuk Tuhana senenge nuturi kleang, godhong nangka nang latare umaeh inyong. Banjur angger uwis rampung diweneih recehan nang biyunge inyong, utawa sarapan angger wis ana. Angger uwis sore, Tuhana natani sandal-sandal nang teras umaeh inyong, kadangan dikon nyore nang ninine inyong.
Angger mangsane sembayang, Tuhana nang ngadek nang ngarep langgar, njagani sandale wong-wong sing pada sembayang mbok pada ilang. Kadangan Tuhana ngrewangi pesuruh kantor kecamatan nyaponi pendopo.
Saiki inyong ora ngerti Tuhana manggon nang ndi. Kawit biyunge mati, uripe Tuhana wis ora keurus maning. Ana sing ngomong saiki Tuhana dirumat nang sedulure nang bojongsari, tapi inyong ora ngerti pastine.
Inyong ora ngerti apa sebabe Tuhana kurang waras, begu, elek awake, karo elek nasibe. Jarene luhur, Tuhana kue ibarat wong sing kualat kaboten jeneng. Merga Tuhana, sing artine Tuhan Ana, kue ndadikna asmane Gusti Pangeran dadi jeneng manungsa. Kudune ben ora kualat kaboten jeneng, kudu diowaih ngarepe utawa mburine. Misale, asmane Gusti Pangeran, Alloh, diowaih nang ngarepe dadi Abdulloh, kue ora papa malah dadi apike. Tapi kue, mung sebatas jarene luhur, pastine inyong ya ora ngerti.
Ibarat uwong urip, Tuhana ora nduwe kepenginan nggo awake dewek. Tuhana kue uwong gemblung. Tapi, sekang Tuhana inyong sinau ngabdi. Ngabdi maring sing ngaweih budi. Tuhana sing wong gemblung nduwe jiwa Manungsa sing esih murni, ora ana pamrih, ora pernah njaluk sarap, nyore, apa maning recehan. Nrima apa sing ana, sarapan, nyore, utawa recehan. Tuhana kue bisa dadi potret wong cilik neng negeri kie. Ora pamrih, nrima apa anane, tapi disia-sia nang sing lewih gedhe. Tuhana kue salah sijine wong cilike nang ndesane inyong. IB.
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H