Mohon tunggu...
Imanuel  Tri
Imanuel Tri Mohon Tunggu... Guru - Membaca, merenungi, dan menghidupi dalam laku diri

di udara hanya angin yang tak berjejak kata. im.trisuyoto@gmail.com

Selanjutnya

Tutup

Pendidikan

Sapa Guru Basa Jawa Ing SD

25 April 2024   07:51 Diperbarui: 25 April 2024   07:54 125
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Pendidikan. Sumber ilustrasi: PEXELS/McElspeth

           Miturut Surat Kepututusan Kepala Dinas Pendidikan Propinsi Jawa Tengah Nomer 432.5/14995 babagan Kurikulum Muatan Lokal Basa Jawa katitimangsa 4 Juni 2014, Basa Jawa kuwi wajib diwulangake ana ing sekolah SD, SMP, lan SMA saindenging Jawa Tengah. Surat kuwi mau malah wis dianyarake kanthi saplemen Kurikulum Merdeka 2022, nomer surat 423.5/04678, 7 April 2022. Gandheng Basa Jawa kuwi kalebu mata pelajaran ing sekolah, mula wis samesthine yen wulangan basa Jawa kuwi kudu antuk kawigaten. Tulisan iki arep mbabar sadulit babagan piwulang basa Jawa ing sekolah.

Basa Jawa Mingangka Mata Pelajaran 

            Para winasis lan para budayawan wis ora kurang sing ngandharake menawa basa Jawa kuwi minangka kabudayan kang adi luhung. Basa Jawa kalebu kabudayan sing mentes ngemot sadhengah bebuden, trapsila, lan unggah-ungguh sing migunani banget kanggo tumraping urip bebrayan ing masyarakat.

            Basa Jawa ora mung minangka kanggo alat komunikasi. Luwih saka kuwi, basa Jawa uga ngemu undha-usuk ing panganggone. Undha-usuk kuwi mau mratandhakake menawa ing pasrawungan kuwi kudu santun, bisa mapanake pribadine, aja nganti sasar sasur natoni liyan. Mula srawung nganggo basa Jawa kuwi yen temen kanthi nggugoni pranatan basa Jawa mesthi wae dadi tentrem ora bakal dredah gawe pasulayan. Isih akeh sabenere bab adiluhunge basa Jawa kayata sanepan, bebasan, aran, lan liyane kalebu tulisan aksara Jawa. Awit saka adi luhunging basa Jawa kuwi mula wis trep menawa basa Jawa katetepake dadi mata pelajaran ana ing sekolah.


Sapa Guru Basa Jawa ing SD 

            Ana ing SMP lan SMA basa Jawa diwulangake dening Guru Mata Pelajaran. Tegese sing mulang Basa Jawa kuwi Guru (ahli) Basa Jawa. Guru kuwi mau pancen mumpuni amarga wis kagladhi ana ing perguruan tinggi jurusan pendidikan Bahasa Jawa. Kanthi gambaran mangkono kuwi, bisa pinarcaya dene guru sing ngampu wulangan Basa Jawa ing SMP lan SMA kuwi guru kang wis sakmesthine.

            Pratelan ing dhuwur kuwi mau ora lumaku ana ing tataran Sekolah Dasar (SD). Ana ing SD, guru kuwi umume guru kelas, kejaba guru agama lan guru Olahraga. Guru kelas kuwi kudu mulangake kabeh mata pelajaran kalebu mata pelajaran Bahasa Jawa. Gegandhengan karo kasunyatan iki, ana rong perkara sing wigati banget nanging sajake karo pamarentah kurang antuk kawigaten. Sepisan, guru-guru SD racake ora duwe dhasar ngelmu kanggo mulangake Basa Jawa. Kaping lorone, ora kabeh guru SD ing Jawa Tengah kuwi asale saka Jawa.

            Bab kapisan utawa panguwasan ing babakan piwulang basa Jawa kuwi tumrape guru SD wis kabukten menawa pancen isih kurang. Malah kepara ana sing salah. Tuladhane ana ing panggone aksara ing tulisan. Tembung sing kudune ditulis "lara" (sakit) katulis  "loro" (dua), tembung "basa Jawa" ditulis "boso Jowo" lan isih akeh maneh salah tatatulis liyane.

            Panganggone aksara sing kleru kuwi mau tan saya ndadra awit ing sadhengan papan lan media uga kaya-kaya anyengkuyung kaluputan kuwi. Mula lupute panggangone aksara antarane "a" utawa "o" kuwi mau banjur katelah ana istilah virus "o". Sing kira-kira tegese kesalah masif  ing tata tulis sing mesthine ditulis "a" nanging katulis "o". 

            Tuladha salah sing wis ora bisa diselaki yakuwi nalika penulis mbukak media sosial. Ing kana ana sekolah sing gawe jeneng  SD Anu Kaleh, mangka mesthine katulis SD Anu Kalih. Ana maneh sing gawe jeneng ing medsos SD Anu Tigo, mangka mesthine SD Anu Tiga. (Jenenge SD dakslimurake kanggo jaga kawibawan institusi sekolah).

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Pendidikan Selengkapnya
Lihat Pendidikan Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun