Mohon tunggu...
Ikhwatun Khasanah
Ikhwatun Khasanah Mohon Tunggu... Guru - Rasa, netra, pangrasa, panggraita, kudu tinata.

Bisa merga wis biasa.

Selanjutnya

Tutup

Bahasa

Sendhang Sani

13 Agustus 2023   12:00 Diperbarui: 13 Agustus 2023   12:12 107
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

Sendhang Sani

(Menggunakan Dialek Kota Pati, Provinsi Jawa Tengah)

 

Dening: Ikhwatun Khasanah, S.Pd

 

Ing padhukuhan sakilen leripun kitha Pati wonten petilasan Sendhang. Saben wulan Apit, sendhang dipunbancaki. Sendhang punika petilasanipun Sunan Kalijaga. Nalika Sunan dumugi ing satunggaling padukuhan, panjenenganipun ngersaaken sholat dhuhur nanging ing ngriku boten wonten toya kangge wudhu. Sunan Kalijaga ndhawuhi salah setunggal pandherekipun, "kowe kana gage luru banyu!". "Nggih, Njeng Sunan". Pandherekipun lajeng pados toya. "Nyuwun pangapunten Njeng Sunan, teng ngriki boten wonten toya".

Sunan kalijaga lajeng ngutus pandherek sanesipun, "kowe mrenea, takgawani teken. Iki engko tancepna nong lemah, nek wis metu banyune gage matur aku!". Pandherek wau pados papan ingkang sae. "Kanjeng Sunan, toyanipun sampun mekdal". Sunan paring wangsulan, "Aku pundhutna banyu ape takenggo wudhu". Pandherek wau mendhet toya. Dumugi panggenan sumber, piyambakipun ngelak sanget. "Wah, puanase puol sueger iki nek ngombe dhisik". Lajeng piyambakipun nginum. Saksampunipun, nembe mendhet toya kangge Sunan Kalijaga. Sinaosa boten mirsani tumindhakipun, nanging Sunan pirsa sedayanipun. Panjenenganipun ngendika, "Wong diutus njukuk banyu nggo Ndarane kok diumbe dhisik, tumindakem kuwi kaya bulus". Saking kersanipun Gusti Allah, pandherek wau saknalika malih dados bulus. Sunan ngendika "Iki wis dadi kersane Gusti Allah kowe dadi bulus, mulane aja nyisani wong sing luwih tuwa. Ajenana wong tuwa baba pa wae, kabeh nganggo tatakrama. Kowe nong sendhang kene nganti selawasi. Panganem bakal diwenehi wong-wong sing tilik mrene pendhak dina Senin lan Kemis. Wis, saiki kowe tak tinggal nong kene!"

Sumber bacaan: Catatan Sejarah Lokal di Daerah Kabupaten Pati.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Bahasa Selengkapnya
Lihat Bahasa Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun