Mohon tunggu...
Indri Permatasari
Indri Permatasari Mohon Tunggu... Buruh - Landak yang hobi ngglundhung

Lebih sering dipanggil landak. Tukang ngglundhung yang lebih milih jadi orang beruntung. Suka nyindir tapi kurang nyinyir.

Selanjutnya

Tutup

Bahasa

Wajib Koq di Langgar [Cerkak Basa Jawa Ngokoan]

5 Februari 2012   13:58 Diperbarui: 25 Juni 2015   20:01 6910
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bahasa. Sumber ilustrasi: FREEPIK/Jcstudio

Ing Sawijining dina....

SD 1 panggonane Pras sekolah ketekan murid anyar saka kutha, jenenge Yudha. Karo Bu Guru si Yudha didhawuhi lungguh jejer Pras. Sakwise kenalan sacukupe, bocah loro mau wis katon akrab kaya kanca lawas wae, nanging senajan mengkono Pras rada kangelan  yen ngobrol karo Yudha, amarga Yudha babar blas ora bisa basa jawa semana uga Pras durung lancar basa Indonesiane.

Bali sekolah bocah loro iku mulih bareng, ndilalah pancen omahe pada-pada sak jurusan. kebeneran dina iku  jumat lan sedhela maneh wayah dhuhur, mulane Yudha banjur takon marang Pras

"Oh iya Pras, kamu kalau Sholat Jumat  dimana?nanti kita bareng ya"

"iya nanti ku ampiri Yud, aku kalau jumatan selalu di langgar" jawabe Pras

"lho kita kan laki-laki Pras ,Sholat Jumat  kan wajib hukumnya koq dilanggar sih" Yudha katon bingung karo jawabane Pras

"lha iya itu karena wajib maka jumatan di Langgar" Pras rada gumun merga jawabane diprotes Yudha

"maksudnya dilanggar itu gimana sih Pras, wajib koq malah dilanggar aku nggak tahu maksudmu" akhire Yudha ngomongke kebingungane

"nganu itu lho Langgar nya Yud, jadi orang-orang di desa ini kalau sholat jamaah ya disana termasuik jumatan" pungkasane Pras nerangke maksude karo nduding sawijining panggonan ing cedhak kantor kelurahan sing wangune memper masjid ning ukurane luwih cilik

"hahahaha...Pras maaf ya aku nggak tahu kalau langgar yang kamu maksud itu masjid ini...ya sudah nanti kita bareng kesana ya" Yudha ngguyu kemekelen sawise mudeng apa sing dikarepke kanca anyare

Lan bocah loro  mau wekasane neruske mlaku bali menyang omahe dhewe-dhewe

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Bahasa Selengkapnya
Lihat Bahasa Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun