Mohon tunggu...
Indri Permatasari
Indri Permatasari Mohon Tunggu... Buruh - Landak yang hobi ngglundhung

Lebih sering dipanggil landak. Tukang ngglundhung yang lebih milih jadi orang beruntung. Suka nyindir tapi kurang nyinyir.

Selanjutnya

Tutup

Bahasa

Amarga Salah Paham [Cerkak Basa Jawa Ngokoan]

21 Februari 2012   03:40 Diperbarui: 4 April 2017   17:07 60454
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
13297955341911575123

[caption id="attachment_162470" align="aligncenter" width="300" caption="acclaimclipart.com"][/caption]

Sawijining dina...

Ora kaya biasane Pras lan Pandu sing   kawentar minangka kanca raket iku meneng-menengan lan katon wis rong dina  ora guneman , amarga kuwi Yudha sing bocah anyar pindahan saka kutha nanging uga kerep srawung karo kekarone nyoba nengahi supaya paseduluran ing antarane bocah loro iku ora pedhot.

"Pras, aku lihat-lihat wis rong dina iki  koq nggak bertegur sapa karo Pandu, memangnya kowe ono masalah ya karo Pandu?" pitakone Yudha nganggo basa jawa sing grothal grathul

"ora koq Yud, ora ono apa apa" jawabe Pras singkat

"ayolah Pras, ora usah ngapusi ..kalian kan sahabat, kanca kenthel malah kata Bu Guru, pasti ada sesuatu kan mmungkin wae aku bisa bantu" Yudha tetep ora nyerah mbujuki Pras supaya gelem crita

"Yud,  sebenere pancen  aku karo Pandu wis ora sapa aruh rong ndina iki, tapi iki merga kabeh salahe koq, mosok buku diktat  sing disilih Pandu  ki ngakune wis dibalikke seminggu kepungkur , padahal kenyataane durung mbalik ning aku, nanging Pandu ngodro yen wis dibalikke pas dolan ning omah malah ganti nuduh aku pikun jan nggregetke tenan bocah iku" pungkasane Pras crita dawa

"ooo...ngono to Pras, tapi memang nya sudah kamu cari ke tempat lain selain di meja belajarmu Pras, ya siapa tahu bukunya ketlisut dimana gitu?" Yudha nyoba takon kanthi ati-ati

"apa kowe ya nuduh aku pikun, lali ndeleh buku ning endi to Yud?" Pras rada muring-muring ditakoni ngono

"yo nggak gitu, aku kan cuman nanya...sapa ngerti gitu, ntar aku boleh kan main ke tempatmu, tak nyoba bantu kamu nyari sekalian belajar bareng kaya biasane, piye Pras?" pitakone Yudha

"yo gak pa pa sih ,sinau bareng wae ning nggonku Yud" jawabe Pras

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
Mohon tunggu...

Lihat Konten Bahasa Selengkapnya
Lihat Bahasa Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun