Mohon tunggu...
Indri Permatasari
Indri Permatasari Mohon Tunggu... Buruh - Landak yang hobi ngglundhung

Lebih sering dipanggil landak. Tukang ngglundhung yang lebih milih jadi orang beruntung. Suka nyindir tapi kurang nyinyir.

Selanjutnya

Tutup

Humor Pilihan

Ganteng-Ganteng Prengus [Cerkak Basa Jawa Ngokoan]

26 September 2014   21:39 Diperbarui: 17 Juni 2015   23:22 3891
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Humor. Sumber ilustrasi: PEXELS/Gratisography

Sakwijining sore ing lapangan pinggir ndesa

“Kowe ngapa to Pras? Rupamu kaya karung goni rung disetrika limang sasi” Yudhi sing ujug-ujug njedhul ing mburi wit mahoni marai Pras njumbul merga kaget

“Sontoloyo Yudhi, tak kira kowe memedi salah mangsa, awan-awan koq gentayangan” Pras ora uwis-uwis olehe misuhi kancane sinambi neruske ngalamun lan nguwasi wedhus-wedhus ing ngarepe sing lagi mil kethemil mangan suket

“Aku mau saka omahmu, ngendikane Ibumu kowe lagi angon wedhus sing arep dienggo qurban ning kene, yo wis tak parani” ujare Yudhi

“Wo ngono” Pras njawab aras-arasen

“Ya ampun Pras, jian tenan ogh tiwas aku rekasa tekan kene nemoni wong aras-arasen ngene, males ah mending aku balik nggarap PR” Yudhi wis siap-siap mulih nanging sakdurunge niate balik kanan maju jalan kaleksanan saka pinggir lapangan katon bocah sing pawakane rada subur  setengah mlayu karo bengak-bengok

“Praasss Yudh, woiii ono berita dukacita ki!!!”

“hadeuh ketambahan provokator, ora sida balik aku” Yudhi sing wis ngadeg balik lungguh maneh

***

Saktekane Pandu ing panggonane Pras, Yudhi langsung nakoni kanca rakete iku

“Ono opo maneh ki Pan? Awas nek beritamu ra penting kowe tak kon ngglundhung ngubengi lapangan ping sanga”

“Iki berita gawat iki Yudh, nganu aku mau kan lewat ngarep omahe Endah, hayo bedheken ono sapa ning terase?”

Pras sing maune ora nggagas blas karo critane Pandu langsung njenggirat kaget krungu jenenge Endah disebut karo Pandu, tapi merga gengsi Pras ming meneng wae tapi kupinge dipasang ngluwihi kuping gajah.

“Sapa Pan?” Yudhi penasaran

“Bagas” Jawabe Pandu cekak

“Heee?? Bagas? Koq iso?” Pras sing ora iso ngapusi atine dhewe langsung takon Pandu sajak ora percaya

“Koq iso? Yo iso lah Pras, wong Bagas yo kancane Endah, pitakonanmu ki yo ora nggenah” Yudhi ngromet kaya manuk bence

“Wah Yudhi ki ora peka blas ogh persis anggota dewan yang terhormat sing jarene wakil rakyat tapi blas ora tau mikirne rakyat” Pandu sing biasane cengengesan mendadak serius

“Lho maksudmu?” Yudhi isih plonga-plongo

“Pras cemburu mas bro…CE E EM BE U ER U tau???”

“Wooo…kuwi to maksude hahahahha..sori sori nyuwun ngapunten mas bro, aku lali ogh” Yudhi ngakak ombo tapi langsung diendegke dhewe merga melas nyawang praupane kancane sing langsung alum kaya taplak kurang teres.

***

Sakwise katelune meneng-menengan sauntara wektu…

“Hmm..aku dadi ngerti saiki Pras, kowe akeh ngalamun lan jarang ngguyu gara-gara mikir Endah yo?” Yudhi takon karo ngati-ati

Pras sing ditakoni ming manthuk alon

“Crita lah Pras, dhewe kan best friend, one for all all for one” Pandu sok-sok an ngenggres nerokne jagoan tri maskenthir

“Sakjane dudu masalah Bagas sing marai aku rada sedih, tapi…” Pras sengaja nggantung omongane

“Tapi apa Pras?”

“Masalahe saiki koq Endah kaya sengaja ora gelem ketemu aku, saben papas an mesti dheweke ngadoh, aku kan dadi kepikiran opo wis nate gawe salah” Pras tambah ndungkluk persis wit pari kabotan isi

“Ya, mungkin kuwi ming perasaanmu wae kali Pras, nek tak pikir sih Endah ora mungkin kaya ngono, bocahe kan apikan banget” Yudhi ngayem-ayemi atine kancane

“Yowislah Pras, jenenge wae bocah wedok, biasane kan mood-moodan sapa ngerti sesuk wis apik kaya wingi-wingi” Pandu njajal dadi wong bijak

“He em Pandu bener, mending dhewe bal-bal an wae” Ujare Yudhi karo ngetokna bal saka tas sing ono ing gendongane

“Horeeeeee……ayo ayo, olahraga sisan angon” Pandu nyemangati Pras sing wis rada njenggelek

***

Katelune rerangkulan mlaku alon bebarengan mlebu tengah lapangan, nanging durung suwe mak bedundug Pandu mbengok Sora

“Pras, kowe rung adus pirang taun sik?”

Yudhi sing uga ngambu ganda arum jamban melu mencureng nyawang kancane. Pras sing dadi tersangka utama langsung masang tampang tanpa dosa persis narapidana kasus hambalang, karo plengah-plengeh dheweke njawab

“Aku wis adus yo isuk mau sakdurunge sekolah, tapi kan saiki aku mesti ngrumat wedhus-wedhus titipan sing dienggo qurban dadi yo harap maklum nek ambuku prengus”

“Wooo…yokuwi jawabane, wis cetha nek iki seribu persen yakin  aku” Yudhi langsung malangkerik karo bengak-bengok persis peserta demo bayaran

“Jawaban opo Yudh?” Pandu isih during ngeh

“Jawaban kenapa Endah saiki ngadohi Pras, alesane yo ming siji Pras merga ambumu ra nguati, nek sinetron terkenal kae jenenge GGS lha kowe ki GGP” Yudhi akhire ra kuat nahan guyu

"GGP opo Yudh?"

"Ganteng-Ganteng Prengus hahahaha"

Pandu sing krungu omongane Yudhi langsung melu ngakak nganti wetenge lara.

“Bener kuwi Pras, sori ya Bro, lha koq ndadak Endah, aku wae sing bocah lanang wis meh semaput mambu prengusmu opomaneh Kenya resikan kaya Endah, mending saiki dhewe bali ngandangne wedhusmu, terus kowe adus sing resik, sabunan, keramas, nganggo parfum terus dolan kono ning omahe Endah ngomong nyilih catetan wulangane Bu Wiji ndhik isuk” Pandu langsung menehi ular-ular sing dawane ngluwihi anaconda

Pras ming cengar-cengir krungu omongane kanca kenthele, karo mesem dheweke ngambu awake dhewe lan eseme ilang saknalika.

-------------------------------------------------------

Pesan moral : mandilah sebelum kamu dimandikan :)))))

Mohon tunggu...

Lihat Konten Humor Selengkapnya
Lihat Humor Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun