Irah-irahan : Lingkar Tanah Lingkar Air
Penulis : Ahmad Tohari
Penerbit : PT Gramedia Pusataka Utama
Taun Terbit : 2015
Kandel : 165 Â
ISBN : Â 978-602-03-1860-8
Sinopsis :
Amid inggih punika satunggaling tiyang anom ingkang mangudi wonten ngandhap panji hizbullah kagem perang lan mbela kamardikan Indonesia nglawan Walanda. Sasampunipun Indonesia mardika Amid sareng kaliyan kanca-kancanipun Kiram lan Jun medhotaken kagem mlebet dhateng ketentaraan resmi inggil saran saking gurunipun Kiai Ngumar. Nanging satunggaling peristiwa ngalihaken gesangipun sareng kaliyan kanca-kancanipun. Pramila peristiwa punika kanca-kanca Amid medhotaken kagem mlebet dhateng laskar DI/TII sareng kaliyan Kang Suyud. Amid ingkang mboten nggadhahi jati dhiri ingkang kiyat milih ndherek kaping kancanipun. Nanging lebeting pangudinipun dados setunggaling tiyang laskar DI/TII piyambakipun wiwit ragu-ragu lan mundhutaken priksa sadayaning lampahanipun. Bab punika dipunprabawani pinten-pinten peristiwa ingkang kedados lebeting pangudinipun. Amid nate nyedani setunggaling tentara republiken ingkang taksih ngasta Al-Qur'an lan tasbih. Amid ugi kalebet ing peristiwa pembantaian setunggaling dhusun amargi Kiai wonten dusun punika  mboten nyengkuyung gerakan DI/TII. Punapa malih kaliyan kawontenan piyambakipun sedaya ingkang wiwit kadhesek amid wiwit ngimpiaken setunggaling gesang ingkang tentrem sareng garwa lan larenipun ingkang taksih lebet kandhutan. Sasampunipun 10 taun, supena Amid wiwit kawujud. Nalika semana pimpimpinan DI/TII, S.M Kartosuwiryo nyerahaken dhiri dhateng aparat kaliyan jaminan pengampunan nasional. Wonten pungkasanipun Amid sareng kaliyan kanca-kancanipun ngraosaken gesang ingkang tentrem salami 3 taun. Nanging saya lami, kawontenan saya kathah bebaya lan wonten pungkasanipun Amid sareng kaliyan kanca-kancanipun wangsul dipuntimbali dening tentara kagem ngrencangi piyambakipun sedaya nglawan pemberontakan partai komunis. Wonten pungkasanipun cariyos dipunpungkasi kaliyan jihad ingkang dipunlampahake dening Amid, Kiram lan Jun.
kalangkungan :
Tembung-tembung ingkang dipunagem prasaja, efisien, ringkas nanging bernas.
Pangageman alur campuran wonten buku punika cekap sae utaminipun wonten babagan transisi antawis alur majeng lan mundhur. Bab punika dipun gambaraken dening Ahmad Tohari lebet  lamunan lan kenangan lami saking tokoh Amid.