Mohon tunggu...
Jurangpaten Abuabu
Jurangpaten Abuabu Mohon Tunggu... -

mencari,berharap,berusaha.....

Selanjutnya

Tutup

Humor

(Humor) Mbah Dijual...

2 Desember 2012   08:47 Diperbarui: 24 Juni 2015   20:19 713
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Humor. Sumber ilustrasi: PEXELS/Gratisography

“ Nok, wis jam yah ene kok mbahmu durung mulih ya…?” Takon Emake Seno njedul teko lawang mburi.

“ Gak eruh mak, mau pamite arep nang omah wetan ngono “ Jare Seno karo umbah sepeda montore ndek samping omah

“ Biasae nak yo wis mulih nek jam yahene..? awakmu wis ngashar to..?” Takon Emak maneh

“ Uwis mak…” sahure Seno, ambe trus umbah montore. Emak terus mlebu nang omah maneh.

Mbahkung iku masiyo umure uwis sepuh tenan, nanging fisike isih kuwat. Amargo memang panggaweane dadi wong tani, cuman ora isok diselaki kadang2 wis pikun.

Rodho suwe Emak njedul maneh…, “ Nok, coba telponen bulekmu, mbah iku isih nang kono opo uwis mulih…?”

“ Mengko disik to mak, ki tanganku teles kabeh…, Rusak mengko hapeku….”

“ Awakmu iku umbah montor suwe kan disambi smsan, opo dikiro makmu gak weruh…? Ndang telpon bulikmu…” jare Emak dongkol. Seno gak iso alesan maneh, tangane banjur dilap. Dicandhak hape trus ditelpon bulike.

Sek di telpon malah kaget, soale mbahe wus mulih ono neke setengah jam lebih. Normale yo wus teko omah, opo maneh mbah numpak sepeda pancal.

Diomongi koyok ngono Emake Seno tambah bingung….

“ trus nang endi mbahmu Nok…., cobak susulen. Golekono gae motormu kono…. “

Pas yo olehe umbah montor wis rampung, perkakase sek digawe umbah motor diringkesi.

Kaseno gage mlebu omah, nyandak kaos, gae kathok dhowo, rambut disisir njabrik, trus nemoni emake. “ Sangune mak… “ Seno njaluk duwit nang Emake. Diulungi rong puluh ewu Seno njaluk seketewu

Ambe ngomel emak ngelungno duwit, “ dijaluki tulung wong tuwek malah ngrampok yo awakmu iku…. “ jare Emak.

“ Perlu biaya maak… “ Seno ngeles, klecam klecem entuk duwit.

Nguripi montor, Seno manasi mesin ambe isih ngelap montore, Emak pegel weruh seno lelet koyok uler keket.

“ Arep nang endi nok…?” Bulike teko numpak ojek., “ Emakmu onok.. ?” takon bulike ambe mbayari tukang ojeg.

“ Arepe nggoleki mbahkung lek… Iku Emak onok dek jero.. “

“ Iki mau, aku teko omah sampe kene nang dalan yo ora ketok mbahmu…. “

Mesin motor dipateni, Emak ambe bapake Seno metu mapag lek-Nah nang latar ngarep.

“ Piye yu..? lha wong mau yo pamit arep mulih ngono, kok durung teko omah..?”

“ Opo ngomong arepe mampir nang endi ngono…. ?”

“ Oraa kok yu, jare yo arep langsung mulih…”

Lagi heboh, eruh2 onok pickup mlebu pelataran omah. Bapak mapagi sopire sek terus mudun teko mobil. Ndek sebelah sopir onok penumpang, jebulane simbaaah….!!?

Simbah mudun dipapag lek-Nah ambe Emak.

Ngobrol sak wentara, bapak ambe supire ngedukno sepedae mbah teko bak mburi.

Sek nyopir pickup pamitan, bapak mbungkuk2 matur nuwun banget, amargo sek gowo mobil wis gelem ngeterno simbah mulih.

Mari ngono, mbahkung diajak mlebu lungguh nang teras omah. Kabeh ngrubungi mbah. Critane bapak, teko sek nggowo mobil mau, mbah iku kesasar sampesawah2 pinggir jalan dusun sebelah. Kiro2 adohe limangkilo teko omah.

Untunge mbahkung gowo KTP.

“ oalaah mbah, iki mau piye kok sampe iso kesasar…untung onok sek nulungi…” jare lek-Nah, mbah kung cumak mesam mesem, kabeh melu mesem lego.

“ untung gak ilang lho mbah…, tak kiro diculik mbah… “ Seno kumat koplake

“ sembarangan awakmu nok, nyulik mbahmu iku arep njaluk tebusan opoo….? “

“ Yo gak eruh to…”jare Seno cengar cengir

“ Tenang ae mbah, sesuk tak gawekno tulisan nang triplek, jenenge simbah, alamat ambe nomer hape terus ditempel nang nggeger, dadi gampang wong weruh……… “ gayane Seno koyok bakul obat ambe cengengesan.

“ Ojok sampek kleru… mengko tulisane DIJUAL ngono….. “ bapake Seno melu kumat koplake.

Seno ambe bapake ngguyu ngakak.

Lek-Nah ambe Emak mecucu kudu ngguyu…..

“ Iku ngono mbahmu nok….… di padakno opo wae….” Jare Emak pegel. Tangane Emak kumlawe arep narik kupinge Seno.

Weruh tangan Emake arep njewer, Seno kabur diburu Emak….,tambah pegel eling duwite isih digowo Seno……

“ Jok mlayu koen, balekno duwike sek seketewu Nok…… dasar bocah gemblung…. “

Bapak tambah ngakak….wkwkwkkkk…..

Mohon tunggu...

Lihat Konten Humor Selengkapnya
Lihat Humor Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun