Adheming wengi iki tansah ora kok rasakake ... Mung siji pangarep-arepmu, dagangan iki biso laris. Jaman wus gumanti, jaman wus malih ... Ora kaya rongpuluh taun kepungkur, nalikane aku isih cilik, nalikane aku mung bisa nangis lan njaluk kang dadi pepinginanku, yaiku dolanan kaya kang saiki kok tawakake marang para ibu-ibu pinangka bebungah marang putra-putrane. Wengi kang wus gumanti esuk iki, sliramu isih setya nunggoni dagangan kang dadi pepinginane bocah-bocah cilik rongpuluh taun kepungkur, ing sakngarepe toko 24 jam iki .... Cukup kanthi lelambaran koran lan kardus bekas, sliramu tansah setya. Amung dikancani sarung lan jaket kang wus ora saklumrahe bisa dienggo. Setyamu, tuhumu, ikhlasmu marang pagaweyan kang kok lakoni iki, bakal dadi pangeling-elingku. Amarga, aku ngerti, menawa pikoleh soko pagaweyan iki mung cukup kanggo nyambung uripmu, urip anakmu, urip kulawargamu ... Kang ora bisa nyukupi kabutuhan liyane. Kamangka aku, saksuwene iki, ora bisa ngrumangsani menawa sakbenere aku iki sarwa cukup. Mula ... iba banget trenyuhing ati nalika nyawang sliramu, kaya dene nduweni pangarep-arep, nduweni donga, nduweni pepinginan ngrasakake urip kang 'mulya' kaya mangkene iki. [caption id="attachment_82936" align="alignnone" width="604" caption="Desaku ..."][/caption] ______________________________________________ boja sepuluh juli duaribu sepuluh jam satu limabelas menit dini hari
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H