NIRATHA PRAKRETHA LAN ILMU KAWICAKSANAN
Dening: Sri Wintala Achmad
Mpu Prapanca (Dang Acarya Nadendra), salah sawijining pujangga kang sugeng rikala jaman peprentahan Hayam Wuruk (Maharaja Sri Rajasanagara), raja Majapahit kang kuwasa saka taun 1350 tumekeng 1389 Masehi. Saliyane ngripta Kakawin Negarakretagama, Mpu Prapanca ngripta Kakawin Niratha Prakretha. Naskah sastra Jawa kang dumadi saka 13 pupuh (zang).
Menawa digateke kanthi weninge penggalih, menawa Kakawin Niratha Prakretha kang kaserat kanthi basa Jawa kuna lan wus kajarwaake sajroning basa Indonesia dening Poerbatjaraka iku ora mung nengsemake rikala kawaos saka purwa tumekaning wusana, nanging uga bisa aweh seserepan kang migunani. Tumrape ing babagan ilmu kawicaksanan urip.
Linandhesan pamawas kang premati, menawa Kakawin Niratha Prakretha ngemu piwulang kawicaksanan urip kang luhur, ing antarane: sepisan, manungsa kudu duweni kapinteran, budi luhur, lan kasabaran. Kanthi kapinteran, manungsa bakal bisa mungkasi sakalire bebaya. Kanthi budi luhur, manungsa bakal ditresnani dening sapadha-padha. Kanthi kasabaran, manungsa bakal antuk pituduh saka Gusti. Pituduh kang migunani rikala manungsa kesrimpung ing prakara.
Loro, manungsa kang dianggep sugih menawa tansah aweh derma marang sapadha-padha. Tegese manungsa kudu dadi tuk kang tansah milirake warih tumujweng sawah, pategalan, sartane rumembes ing sumur-sumur. Tuk kang ora tau asat senajan saben dina aweh panguripan marang sadengah titah.
Telu, manungsa kudu migunaake kawaspadan supaya ora kajlomprong sajroning jurang. Ing babagan iki, pujangga R.Ng. Ranggawarsita III wus aweh pepeling lelantaran Serat Kalatidha yaiku supaya manungsa tansaha waspada rikala ngadhepi jaman gemblung. Kanthi kawaspadan, manungsa bisa bedakake endi kang bener lan endi kang salah. Endi kang khak lan endi kang batil.
Papat, manungsa kudu mangerteni pancadriyane menawa pengin mangerteni suksmane. Tegese menawa manungsa kepengin mangerteni warna ireng utawa putihe suksmane, kudu mangerteni apa kang ditindake dening pancadriyane. Menawa pancadriyane kagunaake kanggo laku duraka, suksmane melu duraka. Menawa pancadriyane kagunaake kanggo laku kabecikan, suksmane uga melu becik.
Lima, manungsa kudu nindakake laku batin saperlu nyirnaake sipat kadurakane. Saperangan sarjana kang wus buntas ing babagan ilmu kasarasane angga aweh pangandikan menawa laku batin kayata sembahyang, dzikir, meditasi, prihatin, lan liya-liyane bisa nambani sadengah lelara. Ora mung lelara kayata asam lambung (maag), nanging uga liver, jantung, stroke, lan liya-liyane.
Nenem, manungsa kudu bisa ngeningake rasa lan pikir supaya antuk kabagyan mulya. Babagan iki ngelingake marang sadengah manungsa, menawa rasa lan pikiran kang worsuh rikala lagi antuk pacoban saka Gusti bisa nimbulake kacilakan kang luwih gedhe. Mula rasa lan pikir kudu tansah diweningake supaya antuk kabagyan mulya kang jalari kasarasane jiwa lan angga. Kejaba saka kuwi, manungsa kang bisa ngeningake rasa lan pikir bakal bisa meper ‘aku’-ne (sipat egois), lan kosok baline bisa ngrangkul ‘ingsun’-ne (Gusti kang reraton sajroning kalbu).
Pitu, manungsa kang duweni jiwa sentosa bakal bisa manunggal marang Gusti-ne. Piwulang iki trep karo lelakone Bima rikala bakal gayuh tirta perwitasari. Senajan antuk pepalang gedhe saka kadang Bayu lan Pendhawa sartane naga Amburnawa, nanging Bima kang duweni jiwa sentosa kuwi tetep adreng anggone bakal gayuh tirta perwitasari ing dhasar samudra. Kanthi kasantosane jiwa, ing wusana Bima bisa manunggal marang Gustine. Sang Hyang Bhatara Ruci kang reraton sajroning jagade kalbu.
Wolu, manungsa aja dhemen nuladha marang si Enggang. Peksi kang cucuke gedhe, nanging ora bisa mabur. Tegese manungsa aja dhemen umuk nganti sundhul ngawiyat, nanging kasunyatane babar pisan ora bisa apa-apa. Mula saka kuwi, manungsa kudu bisa tumungkul kaya pari kang mentes isine, supaya antuk sihe Gusti lelantaran sapadhane titah.
Apa kang wus kababar ing dhuwur dadi sawijine bukti menawa karya Sastra Jawa Kuno, mligine Kakawin Niratha Prakretha anggitane Mpu Prapanca, ngemu piwulang luhung ing babagan ilmu kawicaksanan urip menawa dionceki kanthi permati. Keajab, muga-muga babaran ing dhuwur dadi pepeling marang sapa wae kang wus ninggalake piwulange leluhur Jawi.
Cilacap, 28012013
Catatan:
Naskah ini sudah dimuat di rubrik Adiluhung, Kedaulatan Rakyat, Minggu 24 November 2013.
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H