Mohon tunggu...
Ery Budi Riyanto
Ery Budi Riyanto Mohon Tunggu... Guru - Guru Bahasa Jawa

Seorang guru bahasa Daerah yang ingin lebih berkembang di dunia pendidikan.

Selanjutnya

Tutup

Sosbud

Omah Adat Jawa

13 Desember 2022   21:17 Diperbarui: 14 Desember 2022   12:48 949
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Sosbud. Sumber ilustrasi: KOMPAS.com/Pesona Indonesia

Bekuk Lulang

Omah adat Jawa ing dhaerah Blora sing umum dikenal yaiku omah Bekuk Lulang. Bekuk Lulang kuwi kalebu wangunan omah tradisional Jawa Tengah wewengkon kabupaten Blora mligine ing padhusunan. 

Menawa omah Joglo kuwi asring diarani daleme para priyayi utawa daleme kaum terhormat kaya dene bangsawan, priyagung, maharaja lan pangeran, dene Bekuk Lulang kuwi asring sinebut omahe kawula alit. 

Omah Bekuk Lulang duweni ciri khas emper/teras kang cendhek, duweni patang empyak, ana saka gurune wolu, sunduk kili sangisore pengeret lan lorog sangisore blandar. 

Omah Bekuk Lulang wis arang ditemokake ing jaman saiki, wis kalah karo omah mujur utawa omah limasan kang luwih modern, nanging isih ana wangunan Bekuk Lulang kang dadi warisan budaya kudu tansah dilestarikna.

  • Omah Bekuk Lulang kaperang dadi pirang-pirang perangan. Perangan omah bekuk lulang antarane yaiku:
  • Empyak papat cacahe;
  • Saka guru cacahe ana wolu kang dadi punjere sangga saka omah Bekuk Lulang;
  • Blandar cacahe papat kang disangga dening saka guru. Blandar loro disangga saka guru papat, lan sing loro meneh disangga saka penampa;
  • Saka penampa cacahe wolu kang nyangga blandal loro ing pinggire omah ngarep lan mburi;
  • Penuwun cacahe 1 mapan ana ing pucuking omah;
  • Sandeng cacahe papat kang dadi panyanggane penuwun lan temumpang ing pengeret;
  • Pengeret cacahe papat kang gathukake antarane saben saka guru;
  • Sunduk cacahe loro ana ing sangisore pengeret pinggir kiwa lan tengeh;
  • Sunduk kili cacahe papat kang ana ing sangisore pengeret tengah;
  • Lorog cacahe loro ana ing sangisore blandar.
  • Usuk biyasane dawane 2,5 meter ing empyak dhuwur (antarane penuwun karo blandar), lan 3 meter ing empyak ngisor (antarane blandar kang disangga saka guru karo blandar kang disangga saka penampa);

Perangan omah Bekuk Lulang kang ana ing tengah sunduk kili lan lorog diarani kandhangan. Banjur perangan ngarep omah Bekuk Lulang diarani emper. Wondene perangan kang ana ing mburi omah Bekuk Lulang diarani ampok. 

Ampok kuwi jane ora dadi perangan utama omah Bekuk Lulang, amarga ampok kuwi biyasane amung tambahan kang digunakake kanggo masak utawa papan kanggo raja kaya.

Mengkono mau perangan-perangan omah Bekuk Lulang. Omah iki yen ana ing masyarakat Jawa kalebu omah kanthi trap-trapan paling andhap tinimbang omah adat liyane kayata Joglo, Limasan, Tajug, lan liya-liyane. Sanadyan kaya mengkono awake dhewe kudu bisa nguri-uri kang dadi salah siji warisan budaya Jawa.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Sosbud Selengkapnya
Lihat Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun