Syahrul Chelsky, cah bagus. Saben maca larik-larik endah kang  mbok gurit, atiku perih kaya dirajah landepe clurit. Mripatku kaca-kaca. Mbrebes mili. Eluhku luruh kaya udan ing pungkasan sasi Desember. Deres. Mandes. Marahi awak greges.
Syahrul kang nggantenge uleng-ulengan. Jalaran apa sliramu ora bisa uwal saka kenangan? Amarga tresna kang tansah gagal?Â
Duh, Tole. Padahal dunya iki isih wiyar. Ora mung sak godhong kelor selembar. Isih akeh kenya ayu, kinyis-kinyis mateng manggis. Padha antri ing pelataran. Ngarep bisa kepilih dadi ratu ing sajeroning atimu.
Syahrul, enggal mrenea, Le! Lungguh jejer ing kursi kene. Simbok arep kandha. Uga arep paring dedunga. Muga-muga kowe enggal move on saka ribet lan pakewuhing lelakon. Ora ndadak lara ati. Apa maneh grusa grusu patah hati.Â
Lelakuning uripmu isih dawa. Mula aja ragu lan ngersula.
Syahrul, cah bagus. Eling-eling sawiji pitutur iki: yen nganti dina iki tresna sejati durung bisa ko temuake, yakin ing dina liya tresna iku kang bakal nemuake kowe.Â
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H