Mohon tunggu...
Ign Joko Dwiatmoko
Ign Joko Dwiatmoko Mohon Tunggu... Guru - Yakini Saja Apa Kata Hatimu

Jagad kata

Selanjutnya

Tutup

Sosbud Pilihan

Mudik Dadi Perkoro "Nang Omah Bae"

6 April 2020   13:42 Diperbarui: 6 April 2020   14:03 217
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
suasana ing kampung ing Jalan tembus Magelang Boyolali arah Ketep Pass (dokumen pribadi)

Tahun 2020 iku tahun sing melaske, utamane awal tekan pertengahan. La piye meneh ono pagebluk sing ngedap -- edapi. Jenenge COVID -- 19. Virus seko Wuhan China wis nggowo  kahanan donya tintrim. 152 negara keno virus sing wis mateni kurang luwih 3500 ing Negara China,kurang luwih 15.362   ing negara Italia.  Amerika Serikat 11.947 jiwa.

Virus medeni iku nggawe rencana para sedulur sing nyambut gawe nang kutho saumpama Jakarta, Bandung, Suroboyo, Medan, Bogor disaranke ojo mulih mudik. Umpama mulih malah dadi perkara, awit bisa nularke virus nyebar ing kampung halamane.

Susah yo susah nanging ditahan, kangen ya kangen nanging aja nganti marakke nelongso, nggrantes.  Iki pacoban kanggo para sedulur. Manungso kudu iso mikir lan nalithi bathin, Perkara pegeblug iku jenenge pacoban. Manungso kudu iso ngliwati pacoban abot sing marakke kabeh pada susah. Ora mung awake dhewe. Okeh sedulur ing sadonya nandang prihatin. Ora mung negara kere, negara sing sugih dan kawentar majune ugo keno pageblug.

Perkara mulih kampung, dijugarno soko pikiran. Sing penting saiki awake dewe mending nang omah. Istilah populere "Isolasi Diri". Covid -- 19 iki virus aneh iso nular liwat cipratan yen wong liyo watuk, utowo lewat salaman. Virus iku nempel terus, lan luwih cepet yen ono wong ucek- ucek mata, lain ndemek irung utowo lambe (tangane dewe) Gejala  mula bukane awake nggreges, panas awake ngluwihi 37, 3  derajad Celcius, tenggorokan gatel, ora nafsu mangan. Malah kadang ora ono gejalane nyatanye ono sing keno virus.

Mulane saiki kabeh kudo eling lan waspada. Yen methu, lelungan kudu siap "masker" kanggo jaga- jaga penyakit ora nular. Ojo Kerep lelungan yen ora penting. Ora cedhak- cedhak wong liya, lan yen bisa ojo asring kumpul- kumpul, ngruntel wong akeh. Sembahyang dilakoni ono ing griyane dewe- dewe. Sinau kanggo cah sing isih sekolah iso nganggo aplikasi ing HP utowo laptop lan sambungan internet.

Para kanca penulis, lan kanca sak gotrah. Muga muga tulisan iki iso diwoco panjenengan sedaya, Sing ono ing Jaban ngrangkah (perantauan) sing sabar. Sing jembar segarane. Kabeh mau pacoban kang kudhu dilewati. Gusti Kang Akaryo Jagat, lagi nguji manungsa, Terus manembah, terus eling lan waspada. 

Ono wayahe srengenge  ora kasaput mendung. Ono wayahe donya padang njingglang, ora okeh pageblug. Pepeling tumrap manungso. Ojo dumeh, ojo duwe watak adigang- adigung  lan adiguna.  Saiki akeh manungso sing lali, utamane seko sangkan paraning dumadi. Watake titah sawantah kudu iso ngegani guwo garba, iso ngluhurke asma Dalem Gusti, Njembarke swarga.

Rusakke donya mergo manungso duwe watak srakah. Kabeh- kabeh pengin diemplok dewe. Eling manungso saumpama abluk sing gampang mabur yen keno angin, gampang ajur sewalalang- walang. Gampang kasrimpet ing dedosan.

Mugo -- mugo kahanan cepet pulih. Yen kahanan pulih awake dewe iso kumpul maneh, iso bareng- bareng sambatan, podo guyon, sesrawungan. Tancep kayon munggel tulisan niki." Luwih sae wonten ngomah rumiyin, boten sah biyayakan wonten mergi yen mboten kedhereng sanget. 

Kanca kanca ing kampung tahun meniko ing pahargyan lebaran mboten saget wangsul. Kawula sakanca ing mriki (perantauan) mangertos kasisahan panjenengan. Kito sedoyo sami - sami nandang sisah. Nanging mangkih onten wekdale saget klempak  sareng- sareng". Tansah mesem, lan tentrem.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Sosbud Selengkapnya
Lihat Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun