Mohon tunggu...
Dimas Asmoro
Dimas Asmoro Mohon Tunggu... Tentara - siswa

hobi olahraga

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Pengalaman Pribadiku Ing Bedengan

16 Agustus 2023   12:08 Diperbarui: 16 Agustus 2023   12:10 66
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

Dino jumat tanggal 2 september 2022 Jumat sore, aku ambk konco-koncoku dolen menyang bedengan. Aku ambk arek-arek yoiku Cardog, Androz, Donjuan, Binug, Yumsky, Nayaka budal menyang Bedengan iku mari tekan moleh sekolah. Donju karo Androz wektu moleh tekan sekolah golek areng ambek bensin gawe masak dek Bedengan. Dek kene pas Donju kate budal karo Androz ban sepeda e bocor dadi waktu neng Bedengan rodok molor. Wektu nembel ban Donju ora gowo duek gawe mbayar terus Androz seng mbayari. Dek sisi lain si Yumsky iki lagi budal bareng neng omah Binug ambk Cardok. Nayaka dek kene budal karo aku gowo panganan gawe dipangan dek Bedengan. Arek-arek dek kene kumpul sek neng omah e Binug gawe siapno opo ae seng digowo neng Bedengan. 5 menit mari nembel ban Donju karo Androz perjalanan neng omah e Binug. Terus Yumsky karo Cardok iki posisi e saiki ws ndek omah e Binug. Nayaka karo aku iki posisi e yo wes tutuk neng omah e Binug. Pas ndek dalan kate neng Binug si Donju karo Androz iki lagi nulungi uwong seng lagi kecelakaan. Arek 2 iki bener-bener arek seng apik. Pas kabeh wes teko ndek omah e Binug arek-arek podo nyiapno barang-barang opo wae seng digowo. Binug karo nayaka gowo panganan, Yumsky karo Cardog gowo alat-alat gawe masak, Aku gowo alat-alat gawe neduh dek Bedengan, Donju karo Androz gowo areng ambek bensin. Sakdurunge budal arek ndungo sek supoyo dikei kelancaran karo seng kuoso dek perjalanan. Arek-arek budal nggowo sepeda 5 ben sepeda wong 2 lan onk seng wong 1. Kabeh podo seneng dolen bareng neng Bedengan amarga iki hiburan gawe arek-arek dek masa SMA iki. Waktu dek perjalanan arek-arek ketemu wong tuwek seng lagi dodol bakso gerobak terus arek-arek mandek dilut ngisi weteng supoyo gak luwe. Mari mangan bakso arek-arek lanjut perjalanan neng Bedengan. Dalan seng diliwati arek-arek lumayan apik masio ono seng kurang apik dalan e. Nayaka karo aku sempet kari saka arek-arek amarga aku mang dek mburi dewe. Pas wayah teko ndek Bedengan arek-arek podo seneng kabeh soale iso ndeleng keindahan alam seng diciptakno karo seng kuoso. Dek Bedengan banyu e jernih amarga saka gunung langsung lan ora tercemar karo limbah e uwong-uwong. Aku lan arek-arek dek kono golek kayu kering kanggo bahan tambahan gawe bakar-bakar. Binug karo Nayaka nggodok banyu kanggo gawe wedhang kopi. Androz karo Donju gawe bahan-bahan masakan kanggo ngko bengi di dhahar. Yumsky nggawe api-api kanggo masak. Api e wes nyala aku karo arek-arek nggawe wedhang kopi lan masak mie kanggo di dhahar bareng karo arek-arek. Mie lan wedhang kopi e wes dadi aku karo arek-arek ndang dhahar karo ngopi amarga ndek kono hawane adem. Pas te ngombe kopi, wedhang e Binug disenggol karo Donju akhire dek kunu arek 2 iku tarong. Binug ngantem ndas e Donju, Donju e ngantem weteng e Binug. Maringono arek-arek langsung misah arek 2 iku masio androz kene antem pisan ndas e. Keadaan semakin ga kondusif. Arek 2 iku akhire meneng ga ngelanjutno tarong e. Terus dek kono arek-arek ngelanjutno mangan e. Cardog moro-moro teko mara ngandani arek 2 kuwi Binug karo Donju. Cardog : "ono opo iki rek?". Yumsky : "iki lo dog arek 2 iki mari tarong amarga masalah sepele". Nayaka : "arek 2 iki tarong mek amarga kopi e Binug disenggol ambek Donju, dog.". Cardog : "awakmu iku rek mek amarga kopi numplek ae podo-podo tarong e". Binug : "halah dog, iki Donju seng salah asline duduk aku". Cardog : "Wes kowe iku yo salah Nug". Aku : "Kowe iku rek wes gede kok tarong ae, ga eman awakmu dewe a". Yumsky : "Mangkane iku". Ndek kene moro-moro Donju njaluk sepuro ning Binug. Donju : "Nug aku njaluk sepuro yo". Binug : "Opo don maksudmu mang nyenggol kopiku". Cardog : "Wes nug kowe iku ojok emosi donju iki wes ono niat apik gawe njaluk sepuro". Binug : "Aku gaterimo sek an dog". Cardog : "Kowe iku nug dadi arek ojok emosian (ambek Cardog meteng ndas e Binug". Binug : "Yo wes Don aku njaluk sepuro ning awkmu ambek sepurane lak mang aku emosi". Donju : "Oke Nug aku yo njaluk sepurono seng akeh amarga aku mang nyenggol kopimu. Cardog : "Ngono ta rek ojok tarong soale awkmu yo podo bolo dewe. Nayaka : "Apik rek,ngono a kaet mang ojk podo tarong dewe". Akhire arek 2 iku damai podo njaluk sepuro dewe-dewe. Arek-arek lanjutno mangan karo cerito-cerito sampe jam 8 bengi. Hawane dek kono semakin bengi semakin adem. Suasana dek Bedenga pas bengi semakin sunyi mek ono bunyi banyu ngalir lan suara kewan. Nayaka lan Yumsky ngumbah wadah seng mang mari digawe mangan mie. Binug, Cardog, lan Aku sek lanjutno ngopi e karo cerito-cerito. Donju ngumbah gelas e dewe. Terus pas aku mari ngopi ambek binug lan Cardog aku ringkes-ringkes barang. Arek- arek ws siap-siap kabeh gawe moleh. Sakdurunge moleh arek-arek ngecek kondisi tempat seng mari digawe tempat singgah mang wes resik opo dorong. Pas wes resik arek-arek langsung moleh lan sakdurungu moleh foto bareng sek gawe kenang-kenangan mben. Dek perjalanan moleh arek sakdurunge tancep gas ndungo sek supoyo dek dalan dikei kelancaran. Wektu dek dalan arek-arek podo ngeroso seneng kabeh amarga iki pengalaman seng gaiso dilalekno soale seru nemen. Arek- arek tikum ndek omah e Binug neh soale barang-barang e arek-arek sebagian ono seng sek dek kono. Pas wes teko ndek omah e Binug arek-arek nunut ngasuh sek dilut. Terus arek-arek podo moleh nng omah e dewe-dewe ambek ngeroso lak dino iki nemen enak e amarga iso doolen bareng arek-are. Cerito-cerito tentang kehidupan arek-arek iki emang nyenengno amrarga iso duwe pengalaman anatar konco seng gaiso dilalekno. Kenangan iki bakal membekas dek atine dewe-dewe soale iki pengalaman seng apik

Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun