Mohon tunggu...
DESVITA GALUH NURAINI
DESVITA GALUH NURAINI Mohon Tunggu... Pelajar Sekolah - pelajar

suka mendengarkan musik

Selanjutnya

Tutup

Ilmu Sosbud

Gudeg Panganan Khas Yogyakarta

20 Mei 2024   12:44 Diperbarui: 20 Mei 2024   12:48 99
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Ilmu Sosbud dan Agama. Sumber ilustrasi: PEXELS

Gudeg iku panganan khas Yogyakarta lan Jawa Tengah kang digawe saka nangka sing isih enom dimasak karo santen. Proses nggawe gudeg nggunakake wektu berjam-jam. Warna coklat biasane saka daun jati kang dimasak barengan. Gudeg biasane dikonsumsi karo sega lan disajikne karo duduh santen kentel (areh), pitik kampung, endhog, tempe, tahu, lan sambel goreng krecek.

Filosofi ing balik Gudeg. Gudeg nduweni nilai-nilai filosofi kang wiganti. Kaping pisan, proses nggawe gudeg nggunakake wektu kang dowo lan kudu nggatekake kang detail. Rempah-rempah kudu ditambahake nganti bertahap lan gudeg kudu di masak kanthi ati ati supaya ora terlalu mateng utowo gosong. Babagan menika jumbuh kaliyan gesang kito, inggih menika kito kedah ngati-ati lan wicaksana ing sedaya tumindak kito supados mboten luput. 

Kapindho, gudeg nduweni filosofis bebarengan. Gudeg asring disedhiyakake ing acara-acara keluwarga lan perayaan dina khusus. Nggawe gudeg uga kerep dadi kagiyatan keluwarga, nalika kabeh anggota keluwarga melu gotong royong nggawe panganan iki. Menika nuduhake yen ing urip, kito kudu kerja bareng kanggo nggayuh tujuan lan ngerampungake masalah.

Ketelu, gudeg nduweni filosofis keikhlasan. Ing proses nggawe gudeg senajan saben bumbu lan rempah dicampur kanthi ati ati kadhangkala rasa sing diasilake ora cocok karo sing dikarepke, kito kudu ikhlas amarga ora bisa masak sega gudeg saka awal meneh. Jumbuh karo filosofis urip sing uwes nindhakake ingkang paling apik nanging yen akhire ora podo karo sing dikarepke kito kudu ikhlas lan nampa supaya urip kito tentrem.

Gudeg ora mung panganan khas Jawa Tengah sing enak. Gudeg uga nduweni nilai filosofis sing jero lan makna sing penting. Kemampuan kanggo nggawe gudeg kang apik uga dadi simbol ketrampilan lan keahlian minangka nggawe gudeg kang patut diapresiasi. Gudeg dadi bagean ing budaya Jawa seng larang regane lan kudu dilestarikake.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Ilmu Sosbud Selengkapnya
Lihat Ilmu Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun