Mohon tunggu...
Dani joko cahyono
Dani joko cahyono Mohon Tunggu... Pelajar Sekolah - pelajar

futsal

Selanjutnya

Tutup

Sosbud

Tradisi Jawa Sebaran Apem

26 Mei 2024   18:15 Diperbarui: 26 Mei 2024   18:15 97
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Input sumberhttps://images.app.goo.gl/7ZUCQNziqfdmNt9u6 gambar

Ngisor panas srengng, ewu-ewu warga saka njero lan njaba kutha wis padha kumpul nang pelataran Sendang Plampeyan, Jatinom, Klaten, Jawa Tengah. Sakwis Sholat Jumat, loro gunungan kue apem Lanang lan Wadon diturunk nang pelataran Sendang Plampeyan kanggo didongani.

Sakwis didongani, sakbanyak lima ton kue apem disebar karo Pengelola Pelestari Peninggalan Ki Ageng Gribig saka loro bangunan menara lan masyarakat sing wis nunggu saka esuk padha rebutan kanggo njupuk. Wong-wong pada yakin bakal oleh berkah nek bisa njupuk kue sing dikenal karo jeneng 'Apem Yaa Qowiyyu'.

Tradisi nyebar apem 'Yaa Qowiyyu' iku tradisi turun temurun sing ditindakk masyarakat Jatinom, Klaten, Jawa Tengah kanggo ngenang tokoh penyebar agama Islam ing Jatinom, Ki Ageng Gribig, sing dianakk saben dina Jumat nang wulan Sapar ing penanggalan Jawa.

Prosesi nyebar apem kuwi diwiwiti kirab gunungan apem, Gunungan Lanang lan Wadon dikirab mubeng desa lan mandheg nang Masjid Besar Jatinom kanggo disemayamk sakmaleman sadurung esuke disebar marang masyarakat.

Miturut sejarah, asal kue apem kuwi pisanan digawa Ki Ageng Gribig saka Mekkah sakwise ibadah haji kanggo oleh-oleh anak, putu, warga lan pengikut. Nanging amarga ora cukup, Ki Ageng Gribig nyuruh bojone kanggo nggawe kue apem maneh supaya bisa dibagek marang warga lan pengikut wektu kuwi.

Sebutan 'Yaa Qowiyyu' asal saka penggalan doa "Yaa qowiyyu, Yaa Aziz qowina wal muslimin, Ya qowiyyu warsuqna wal muslimin" sing artin 'Ya Tuhan, wenehna kekuatan marang kita kabeh kaum muslimin'.

Nganti saiki tradisi kuwi isih tetep dilakoni karo masyarakat sakkiye kanggo njaga tradisi adat istiadat leluhur lan kanggo nambah kawruh sejarah penyebaran agama Islam ing tanah Jawa kanggo kaum muda.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Sosbud Selengkapnya
Lihat Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun