Mohon tunggu...
Ciu Cahyono
Ciu Cahyono Mohon Tunggu... -

writer; ballad, song

Selanjutnya

Tutup

Humor

Keblusuk Pamrih

15 April 2014   21:20 Diperbarui: 23 Juni 2015   23:39 84
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Humor. Sumber ilustrasi: PEXELS/Gratisography

KEBLUSUK PAMRIH
Ciu Cahyono

Kang Ciyu: Yu, njaluk susumu!
Yu Gendul: Huss! Aja sembrono lho, Kang!
Kang Ciyu: Lho, sembrono piye?
Yu Gendul: Lha iku mau apa?
Kang Ciyu: Oalah, seling-surup iki. Maksudku, aku gawekne wedang susu.
Yu Gendul: Wo, ta' kira, Kang.
Kang Ciyu: Mbok kira apa?
Yu Gendul: Lha kok kadingaren banget. Biasane pesen kopi ireng je.
Kang Ciyu: Aku pingin ngombe susu, ben ndang bisa turu. Awakku lagi gak penak iki.
Yu Gendul: Ngono ta? Ta' kira kowe wis berubah, Kang.
Kang Ciyu: Berubah ya ora apa-apa ta, Yu? Anggere berubah dadi luwih apik. Ning, sa'jane, nak rembugan perkara berubah lan ora berubah, iku ya rada angel, Yu. Sebab ngene, misale awakmu ngarani aku berubah kuwi bisa wae merga betekne awakmu durung ngerti asliku. Bisa merga aku sing pinter-pintere nutupi asliku, bisa uga merga aku durung entuk kesempatan ngetokne asliku.
Yu Gendul: Iya, Kang. Nha, aku dadi kelingan ambek capres sing lagi disenengi wong akeh kae lho.
Kang Ciyu: Lah, ana apa, Yu?
Yu Gendul: Capres sing duwe gaya blusukan kae lho.
Kang Ciyu: Iya, ya. Aku wis ngerti. Capres sing jare nak dipasangke ambek sandal jepit mesti menang ta?
Yu Gendul: Iya, aku demen lho ambek dewekne. Blusukan nang kampung lan kali supaya ngerti persoalan sing diadepi wargane. Aku demen iku, ning ndisik.
Kang Ciyu: Lha sa'iki terus kowe berubah dadi ora seneng ngono, ta?
Yu Gendul: Iya. Aku berubah merga aku mikir.
Kang Ciyu: Mikir piye, Yu?
Yu Gendul: Ndisik dewekne nak ditakoni wartawan bab pencapresan mesti njawab 'aku gak mikir, gak mikir'. Lha kok jebul saiki gaya blusukan sing biasane kanggo makaryo ngerteni persoalan wargane, ya dinggo blusukan politik nyambangi partai-partai njajagi koalisi. Katon banget nak duwe pamrih ngono ya, Kang? Sing jare 'gak mikir gak mikir' saiki malah ninggalke gawean, lan meres uteg kanggo urusan pencapresan. Apa dewekne sing wis mulai berubah, mbuh merga apa, lha apa pancen awake dewe iki sing gampang kapusan?
Kang Ciyu: Pingin ngerti jawabane?
Yu Gendul: Pingin, Kang!
Kang Ciyu: Tenan?
Yu Gendul: Tenan wis, Kang!
Kang Ciyu: Takono ambek sapi impor sing gendut-gendut kae!

-2014-

Mohon tunggu...

Lihat Konten Humor Selengkapnya
Lihat Humor Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun