Mohon tunggu...
Citra Maila Eka Nur Cahya
Citra Maila Eka Nur Cahya Mohon Tunggu... Mahasiswa - Mahasiswa di kampus bangjo

˖ ౿ ˑ loove to chocolate pie with choco chip on top !🥞

Selanjutnya

Tutup

Sosbud

Contoh Teks Pranatacara Manten Dening Citra Maila

23 Januari 2024   08:10 Diperbarui: 23 Januari 2024   08:17 183
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Assalamualaikum wr. wb.

Kasugengan, rahmat, saha berkah dalem Gusti ingkang Maha Agung mugi tansah kajiwa kasarira dening para tamu ingkang minulya.

Nuwun para sesepuh, para pinisepuh ingkang dahat kinabekten. Para pangembating praja ingkang tuhu sinudarsana. Bapak-bapak, Ibu-ibu para rawuh kakung miwah putri ingkang dahat kinurmatan.

Inggih keparengipun Bapak Sugeng sekaliyan, kula kapitados ndherekaken lampahing adicara pahargyan prasajaing kalenggahan punika.

Dene wigatosing sedya, Bapak Sugeng sekaliyan kersa mahargya putra penganten sarimbit, inggih menika nimas ayu Putri Lestari, putra-putrinipun Bapak Ibu Sugeng, saha nakmas Bagus Prasetyo, putra kakungipun Bapak Basuki sekaliyan ingkang pidalem ing Sukorejo, Mertoyudan, Magelang.

Awit saking pangestunipun para rawuh sedaya, putra kekalih sampun kaleksanan nindakaken akad nikah kanthi wilujeng, nalika wau enjing wonten ing KUA Bener, Purworejo.

Para rawuh ingkang minulya, keparenga kula ngaturaken reroncening adicara, ingkang sampun dirancang dening sedaya kulawarga.

  • Adicara ingkang sepisan inggih menika pambuka.
  • Adicara ingkang kaping kalih inggih menika atur pambagya saking kulawarga.
  • Ndhungkap adicara ingkang kaping tiga inggih menika paring sabda saking kulawarga penganten kakung.
  • Kalajengaken adicara ingkang kaping sekawan inggih menika atur pangandikan saking kulawrga penganten putri.
  • Tataran adicara ingkang kaping gangsal inggih menika sabda tama utawi ular-ular.
  • Adicara ingkang pungkasan inggih menika panutup.

Para rawuh ingkang dahat kinurmatan, minangka pambukaning pahargyan menika sumangga kula dherekaken sesarengan maos Basmallah. Dene para rawuh ingkang ngrasuk agami sanes, kula sumanggakaken miturut kapitadosanipun piyambak. Sumangga kula dherekaken.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Sosbud Selengkapnya
Lihat Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun