Mohon tunggu...
Cahyo Ramadhani
Cahyo Ramadhani Mohon Tunggu... pelajar/mahasiswa -

I love every language of the world.

Selanjutnya

Tutup

Bahasa

Namung Seratan Bab Basa Dhaérah

26 Juli 2011   13:28 Diperbarui: 26 Juni 2015   03:21 86
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
1311685860997701500

Tiyang Indhonésiya menika arupi sami. Sami-sami priyantun Austronésia ing dhaérah Kilén Indhonésiya lan Mélanésia ing dhaérah Wétan. Saking menika, leres menawi kita sedanten sinebat abebrayan setunggal lan sanésipun. Seratan menika mboten badhé micara bab kalih ras kasebat, ananging bab bebasan. Sanadyan sesadhérék, priyantun ing nagari menika kapérang ing atusan ricikan étnis mawi basa ingkang bebéntenan. Miturut Ethnologue, nagari menika kawujud saking 719 basa dhaérah, cacah ingkang kalebet kathah tinimbang mancanagari, lan saged ambeta nagari menika ing urutan kalih sadonya sasampunipun Papua Nugini, awujud saking 830 basa dhaérah. Goroh bilih nagari menika basanipun namung padha-padha saben étnis amargi sapendhak étnis gadhah basanipun piyambak, kanggé ngiyataken jatidhirinipun, kanggé ngiyataken sebatan Bhinnéka Tunggal Ika nagari menika. Sapundi ingkang Bhinnéka manawi basanipun namung sapadha-padha? Menapa saged kita sinebat Tunggal Ika tanpa Bhinnéka? Saged manawi Adolf Hitler amrentah nagari menika. Lha, kita adedhasar saking sapirang-pirang kedhaton saking Sabang kanthi Merauké. Menapa patut kita namung dipunarani Tunggal Ika? Nggih, mboten! Bhinneka ugi wigati. Serat menika nedahaken para sutrisna lamun basa dhaérah menika migunani. Tiyang Sundha gadhah basanipun piyambak, Bali ugi sami, inggih ugi atusan brayan Nusanthara ingkang sesadhérék. Nilaraken basa dhaérah sami kadosta nilaraken jathidiri ingkang sampun seméléh kanggé kita saking bayi. Sinten Panjenengan tanpa kawontenan jathidiri? Améh mangsuli menapa Panjenengan? Mangsuli mawi tiyang Indhonésiya kemawon dhéréng mujudaken Njenengan gadhah jatidhiri ingkang jangkep. Indhonésiya kawujud saking kathah ricikan. Saben ricikan migunani mujudaken nagari. Lan saben ricikan menika gadhah jatidhirinipun piyambak-piyambak.  Ananging manawi namung Indhonesiya kemawon, karaos kirang jangkep. Manawi Panjenengan ingkang saderengipun saged abasa dhaérah ananging sabanjur pikantuk pendhidikan, basa dhaérah Panjenengan tilaraken, Panjenengan kadosta tiyang ingkang tuna. Basa Indhonésiya mboten saged anggantos ngélmu ingkang wonten ing dhalemipun basa dhaérah, ingkang sanés satunggal lan sanésipun. Mekaten seratan kula. Kula namung anyerat menapa kemawon ingkang wonten ing manah kula. Sumugi manéka macem basa dhaérah ing nagari menika tansah lan tansaya lestantun, sabarengan kaliyan basa Indhonesiya.

ba·ha·sa (Ling)sistem lambang bunyi yang arbitrer, yang digunakan oleh anggota suatu masyarakat untuk bekerja sama, berinteraksi, dan mengidentifikasikan diri. (KBBI)

Mohon tunggu...

Lihat Konten Bahasa Selengkapnya
Lihat Bahasa Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun