Sabar
Sabar iku lakune wong kang ora gampang nggresulo, ora gampang nesu, ora gampang kagol, ora gampang kuciwo lan sak panunggalane, sabar iku ora ono wakete, ora ono bates yen ono batese iku dudu sabar.
Wong sing sabar iku wis dunung ngerti papan dununge kang dituju, ngerti opo kang bakal di temoni mulo iso nompo opo wae paringane Gusti ( qonaah ), sabar iku tatag atine ora gampang owah gingsir senadyan ketemu beboyo pati, sambekolo opo maneh mung ombaking bebrayan alam donyo
Sareh
Sareh iku lakune barengi sabar ora grusah grusuh ora kesusu tansah ati – ati anaming tetep lumaku marang kang di tuju, gegayutan karo ngelmu wong kang sareh iku ora duwe roso ngrumangsani biso lan gumede, sareh bakal nemoni kahanan kang dituju iku amargo wis dunung opo kang bakal di temoni podo karo pitukone lan lakune. Dadi ora bakal kito kabeh nemoni kang bedo karo lakune dewe – dewe, kabeh uwong bakal ngunduh wohing pakartine dewe – dewe.
Sumeh
Sumeh iku ateges iso bungah kang sakcukupe naliko nemoni kahanan kang ora becik, senadyan kahanan iku ora penak banget neng lahir lan bathin, anaming kito tetep kudu iso sumeh.
Wong kang iso tansah sumeh iku wong kang nentremake marang liyan, kepenak di sawang lan gawe bungahing ati. Mulo sumeh iku perlu banget kanggo bebrayan agung marang sepodo - podo, marang kabeh mahkluk ing alam dunyo
Paweh
Paweh iku wong seneng peparing marang sopo wae ( coro islam paweh iku sodaqoh ), duwe roso welas asih sih duwur, ora mbedakake marang sepodo – podo, amargo wong kang seneng paweh ngerti kabeh neng alam donyo iku umate Gusti Kang Moho Agung, wong kang seneng paweh iku ateges melu ngrumat umate Gusti, wong jowo iku duwe paugeran paweh iku wujude ono telung perkoro :
1.Tutur