Mohon tunggu...
Banyu Wijaya
Banyu Wijaya Mohon Tunggu... -
Akun Diblokir

Akun ini diblokir karena melanggar Syarat dan Ketentuan Kompasiana.
Untuk informasi lebih lanjut Anda dapat menghubungi kami melalui fitur bantuan.

#nusantaraindonesiatrulyuniversa

Selanjutnya

Tutup

Travel Story

Tour de Jambi, Inyong Ora Bakal Kelalen

13 September 2012   01:31 Diperbarui: 25 Juni 2015   00:33 323
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Karier. Sumber ilustrasi: FREEPIK/Freepik

Gemiyen tahun 2007, wulan April lan Agustus inyong (jane umume nang Kroya, udu inyong tapi enyong apa nyong. cuma umume basa Ngapake aku ya inyong ) maring Jambi. Inyong jane mung nggenteni Simbok dodolan jamu Jawa. Karo kepengin ngrasakne nang Sumatera kepriwe jane. Koh padha adoh-adoh betah nang Sumatera.

Meh rong wulan inyong nang Jambi. Dhisit-dhisite inyong bareng kanca-kanca Kroya numpak bis liwate dalan Sampang – Wangon – Ajibarang – Bumiayu – Prupuk – Brebes – Cirebon – Indramayu – Jakarta – Merak – Bakauheuni – Indralaya – Jembatan Sungai Musi (Palembang) - Kota Jambi. Baline inyong numpak montor mabur. Meng Jambi kelorone numpak montor mabur bareng mamase inyong. Baline sing gari ngebis. Ketelune numpak bis maning. Baline gari numpak montor mabur.

Senenge numpak bis ya pas medhun sekang bis. Bisa ngaso-ngaso, sing seneng udud ya udud, arep mlaku nglemesna sikil ya kena, pokoke bebas. Embuh ora keitung ping pira gulih mandeg bise. Segarepe gutul Pelabuhan Merak, pas ngantri arep mlebu prau penyeberangan akeh bakul-bakul nginum gawa termos, nawakna mie, karo nginum. Tapi inyong ora tuku, mergane aku wis gawa panganan karo nginum.

Seneng maning pas nang prau penyeberangan Merak-Bakauheni. Lumayan gedhe praune. Seumur-umur ya mbeke numpak prau gedhene semene. Kabeh penumpang bis medhun. Gari milih arep ndeleng jerone perahu, arep mangan-nginum sepuase, apa arep nonton tipi. Pas inyong liwat  jebule channele ya akeh. Tapi inyong kelalen apa baen, sing kelingan mung channel MNC Group, tapi udu MNC TV, kan gemiyen urung ana tipi kuwe.

Inyong karo tanggaku milih munggah meng lantai dhuwur. Seurunge meng ndhuwur ngliwati awake perahu sing paling perek banyu. Byurrr...byurrr...ombake agi gedhe. Segutule ndhuwur, wuhh...angine gedhe pisan, tapi silir temenan koh. Nang ngarep mung keton kerlip-kerlip lampu ndesa paling perek sekang perahu. Jebule nang ndhuwur kene ana hiburan karaokean.

Segarepe gutul, petugas prau ngumumna nek prau arep gutul Pelabuhan Bakauheni. Penumpang, inyong uga, padha nggolete bise dhewek-dhewek. Nek nganti salah bis ya bisa-bisa malah ora gutul tujuan. Untung baen inyong bareng tanggane dhewek dadine ora wedi ilang. Maklum mbok lah inyong tembeke tau numpak prau gedhe, tembeke tau meng jambi uga.

Kenek bis ngecek penumpang wis mlebu kabeh. Bis gari mlaku londhok pisan. Jebule ngantri gulih metu sekang prau. Dalane metu bis dhewek. Dalan metu trek dhewek. Dalan metu mobil dhewek. Dalan metu montor dhewek. Cangkeme prau sing nggo metu amba pisan.

Jan rekasa temenan maring Jambi numpak bis. Mendingan dalan nang Jawa igin maen aspale. Tapi dalan-dalan Jalur Lintas Timur Sumatera mulai Lampung jan kayanu numpak gerobak, geyal-geyol, goyang-goyang ora nggenah. Masak dalan koh kayanu blumbang. Jane ya aspalan, tapi aspale rusak. Jan ora petha pisan. Jan maraih awak lara pisan, endase inyong ya dadi mumet. Nek pas wengi kan arip, nang bisa ya tetep kudu turu, nek ora ati-ati endas bisa kejebles-jebles awake bis. Bisa-bisa endase dadi menonong ora karuan koh. Untung baen pemandangane kiwe tengen maen-maen. Jane pemandangane ya anu umah-umah, wit-witan klapa sawit, wit woh-wohan, wit budin/tela, tapi ya mendingan dadi bisa ngibur ati, ora kelara-kelara abote merantau adoh sekang keluarga karo sedulur nang ndesa. Wektu kue agi mulai trend nandur budin, jeren nggo bioetanol. Nek sawit tah ket gemiyen lemah Sumatera akeh wit sawit, siki malah tambah akeh maning.

Mulane sih nek sing angel gulih golet duit gutul ngembena ora bali-bali. Lah arep bali kepriwe wong dalane elek kaya kue, sapa baen ya bebeh bali, aluwung nang Sumatera baen sih genah ora kesel, ora mumet mikirna bali. Wong jenenge nek bali ya ora ukur nggawa awak sikil thok, biasa lumraeh wong ndesa ya nggawa panganan, oleh-oleh istilahe wong kota lah.

Gutul Kota Jambi wis awan, jam 10-an apa yah? Maklum wis suwe dadi kelalen. Pokoke nek diitung sekang Kroya gutul Kota Jambi ya ana 4 dina telung wengi.

Sewise ngaso sedina kuwe, isuke inyong labuan dodolan jamu nang Pasar Angso Duo, Kota Jambi. Kelingane inyong, tengah-tengah pasar kuwe kali Batanghari. Pas kue pasare ana loro, pasar lawas karo pasar anyar. Mungkin siki anane sing pasar anyar. Soale pasar lawas wis elek. Pasar anyar nang sebelah wetan kulone kali Batanghari, pereke mesjid sewu tiang (Masjid Seribu Tiang). Anu lemahe endhep dadine cokan banjir. Mungkin siki ya wis maen. Anu inyong urung tau meng nganah maning.

Masjid sewu tiang kue jane perek sekang nggon inyong dodolan, nek mangkat sekang kontrakan be ngliwati, tapi inyong urung tau meng mesjid kuwe. Seringe ya meng mesjid pasar Angso Duo, embuh apa jenenge kelalen, anane nang njero pasar lawas, mlaku paling telung (3) menit sekang nggon dodolan, nek arep meng nganah ndadakan ngliwati bakul-bakul pasar.

Jebule, Kota Jambi termasuke kota sing gedhe. Inyong mangkat sekang kontrakan ngliwati taman makam pahlawan, mal Trona, gelanggang olahraga, lan liya-liyane. Tau uga nonton konser musik nang Polda Jambi bareng mamase inyong. Jebule nggon liyane uga ana mal, supermarket, bioskop, warnet, sekolahan top, kampus, lan liya-liyane. Pokoke ora kalah karo kota-kota nang Jawa.

Jebule akeh uga wong Jawa nang Jambi. Dadine kayanu nang ngumaeh dhewek, ora sejen karo nang Jawa. Meng ngalor ketemu wong Jawa, mengidul ketemu wong Jawa. Jawane ana sing wong Solo, embok-embok jamu gendhong, anu wong Wonogiri sing nang kana tah dodolan bakso. Ana sing wong Jawa Timuran dodolan pecel lele, wong Cilacap, Pati, Semarang, lan liya-liyane.

Kapan bisa meng nganah maning yah?

Salam Indonesiane Dhewek! Moga-moga baen tetep guyub rukun selawase.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Travel Story Selengkapnya
Lihat Travel Story Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun