Merdika kok mung gampang alok saka pepetengan. Seneng endha saka sunaring lampu. Tansah anelisik apa wae kang nggawe ati kuciwa. Kaya nggoleki pucuking gunung sing dikongkon temanglung. Supaya bisa nambani ati kang cuwa.
Pitung puluh pitu taun kepungkur, kinobarake krenteg merdika. Dadi bangsa agung, adoh saka tumindak rebutan balung. Kabeh pengin pepadhang, uwal saka kasengsaran.
Kamardikan, ora mung ndelik  micara saka pepetengan. Ngumbar kanepson tanpa sebab. Omongane nglantur tur ngawur. Pamer weweh adoh saka rasa lega lila. Wuta mbedakake endi mungsuh, endi kanca. Lan dhemen mbukak wadining liyan, kanthi pamer kapinteran
Merdika mesti kudu tambah pinter. Nora keminter, ketok menawa isih keblinger. Senengane numpuk bandha, dikira iku sanguning swarga.
Kamardikan iku ngluhurak asmaning bangsa. Mikul dhuwur mendhem jero. Sak umpama bisa, mendah mongkog sak jroning dhadha.
Â
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana
Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI