Mohon tunggu...
Desita Dewi Indraswari
Desita Dewi Indraswari Mohon Tunggu... Guru - SMP Negeri 5 Jombang

Guru Bahasa Jawa di SMP Negeri 5 Jombang

Selanjutnya

Tutup

Cerpen Pilihan

Lunga Kaji

7 November 2022   21:12 Diperbarui: 7 November 2022   21:35 160
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

“labaikallah humma labaik.... labaikallah humma labaik”

Ora nyana aku bisa budhal menyang tanah suci. Jan jane ngono minangka umat islam aku uga kaya liyane, kepengin bisa budhal lunga kaji. Nanging bab kuwi ora pati tak pikirke amarga sasuwene iki sembahyangku ya isih bolong-bolong. 

Aku bisa nganti tekan kene jalaran ganteni Bapakku kang seda amarga kena serangan jantung. Sawulan sadurunge jadwal bapakku budhal lunga kaji dumadakan panjenengane kena serangan jantung, mula kapeksa sing ganteni aku amarga anak mbarep.

Daksawang bangunan ka’bah sing megah. Ngelingake aku marang postingan postingan  ing instagram. Biyasane ngono ana saperangan sing nalika menyang tanah suci njur posting photo sing nyekel tulisan “Dapat salam dari ka’bah” kanggo kancane lan kaluwargane sing titip njaluk jenenge ditulis lan disebut ing ngarepe Ka’bah. 

Lah..kok aku ora ana sing nitipi tulisan kaya ngono ya? Njur aku duwe ide. Aku golek salembar kertas banjur tak tulisi “Lin, oleh salam saka Ka’bah” sawise kuwi njur tak photo kanthi background bangunan Ka’bah njur tak posting ing instagramku. Supaya kekinian kaya kanca liyane. Senadyan ta ora ana kancaku sing jenenge Lin, toh ya ora ana sing bakal ngerti yen iki dakgawe-gawe dhewe.

Photo kasil takupload banjur aku mlaku nyedhaki Ka’bah. Aku kesandhung, Hpku runtuh. Nalika arep njupuk HP dumadakan ana sawijining wong sing nubruk awakku teka mburi “Bruk!!” “Aduuuhh!!” Aku tiba rasane awakku lara kabeh. Aku tangi alon-alon njur lungguh. 

Dakmelekke mripatku nyawang kiwa tengen. Loh lah kok neng kamarku? Pranyata iki mau aku ngimpi ta? Dakelus dadaku sing lara merga runtuh saka ndhuwur dipan. Ora nyana ana salembar kertas ing tanganku. Bareng dakwaca tulisane kagetku ora umum. Kertas kuwi ana tulisane “Lin, oleh salam saka Ka’bah”.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun