Mohon tunggu...
Atik Dwi Agustin
Atik Dwi Agustin Mohon Tunggu... Guru - Guru/ SMA NEGERI 3 TUBAN

Saya lulusan S1 bahasa Jawa UNESA, sebagai Guru bahasa Jawa dituntut untuk berkarya/ berinovasi dalam hal pembelajaran bahasa Jawa. agar lebih dapat memberikan manfaat kepada publik untuk belajar bahasa Jawa yang baik dan menyenangkan.

Selanjutnya

Tutup

Inovasi

Sinau Nulis Aksara Jawa Kanthi Medhia Ngayogyan Font

1 Desember 2022   15:15 Diperbarui: 5 Desember 2022   19:33 1274
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Ketrampilan nulis minangka salah sawijine wujud ketrampilan basa saliyane micara, maca, lan nyemak. Nulis uga minangka salah siji saka patang ketrampilan basa kang dadi tujuwan saben pasinaon basa ing sekolahan.

Nulis minangka wujud komunikasi kang nggunakake medhia tulis minangka saranane. Indriana (2011:48—49) ngandharake yen medhia piwulangan nduweni paedah kang wigati kanggo suksese proses sinau lan mulang sarta tujuwan pasinaon iku mau

Panganggone media piwulangan kang digunakake dening guru bisa menehi pangaribawa arupa motivasi lan minat siswa sajrone proses piwulangan. Panganggone medhia piwulangan nduweni tujuwan kang wigati sajrone ningkatake kualitas piwulangan. Kasunyatan kang dumadi yaiku siswa luwih seneng, kamotivasi, lan antusias nalika kagiyatan piwulangan kanthi nggunakake medhia piwulangan kang nengenake pangrembakan teknologi.

Inovasi medhia piwulangan kasebut diprelukake supaya bisa ningkatake antusias lan minat siswa tumrap piwulangan nulis ukara aksara Jawa. Medhia piwulangan nulis ukara aksara Jawa dikarepake bisa ningkatake asile pasinaon lan nampa materi kang diwulangake. Salah sawijine solusi kang dipilih yaiku kanthi nggunakake medhia Ngayogyan font. Medhia Ngayogyan Font dipilih kanggo piwulangan nulis ukara aksara Jawa jalaran nduweni kaluwihan. Kaluwihane medhia Ngayogyan Font yaiku bisa ningkatake motivasi lan uga semangat sinau.

Saliyane kuwi, medhia Ngayogyan Font dipilih minangka salah sawijine wujud pangrembakan IPTEK kang narik kawigatene siswa. Para siswa umume luwih seneng marang bab-bab anyar kang ana gayutane karo IPTEK, yaiku panganggone komputer. Kasunyatan kang dumadi nuduhake yen siswa luwih gampang nampa ngrembakane teknologi komputer kanthi nggunakake medhia Ngayogyan font tinimbang nulis ukara aksara Jawa kanthi medhia lan metode kang monoton.

Ngayogyan utawa kang luwih asring dikenal kanthi sebutan carakan kang digunakake dening suku Jawa. Aksara Jawa yen dijinggleng nduweni sipat silabik (kesuku-kataan). Bab iki bisa di deleng saka structure saben aksara kang saora- orane makili rong aksara sajrone aksara Latin. Tuladhane aksara ―ha‖ kang makili aksara ―h‖ lan ―a‖, minangka sawijine wanda kang utuh yen dibandhingake karo tembung  ―hari‖.  Aksara  ―na‖  kang  makili  aksara  ―n‖  karo  ―a‖,  lan  minangka sawijine wanda kang utuh yen dibandhingake karo tembung ―nabi‖.

Ngayogyan font minangka aplikasi software aksara Jawa kang bisa nggampangake pawongan sajrone nyinaoni nulis ukara aksara Jawa kanthi cepet. Saliyane kuwi, motivasi sajrone nulis ukara aksara Jawa bisa luwih dhuwur jalaran luwih kapenak anggone nggunakake. 

Panulisan panganggone Ngayogyan font sajrone panliten iki nggunakake aplikasi Ngayogyan font. Ngayogyan font dilarasake karo aksara kang ana ing keyboard komputer saengga siswa ora kangelan nalika nyinaoni panulisan aksara Jawa.

Wujude keyboard Ngayogyan font Aksara Jawa SNI ing perangkat komputer kaya mangkene:

DOKPRI
DOKPRI
DOKPRI
DOKPRI

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Inovasi Selengkapnya
Lihat Inovasi Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun