Mohon tunggu...
Atiek Rachmawati
Atiek Rachmawati Mohon Tunggu... Guru - Guru

Pendidik

Selanjutnya

Tutup

Ilmu Sosbud

Artikel Bahasa Jawa Karya Siswa: Pengaruh Gadget kanggo Para Pelajar Nganti Ilange Tata Krama lan Sopan Santun

2 Juni 2024   22:33 Diperbarui: 2 Juni 2024   22:33 485
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Katulis dening : Entik Iputrika UK (Siswa kelas F9 SMA N 2 Surakarta)_Dokumen Pribadi

Tata krama yaitu ungah ungguh kang manjila saka pakulinan padinan lan kudu dilakoni

marang uwong kang luwih tuwa utama marang uwong sing luwih enom. Kajupuk saka british school of

etiquette, sopan santun utawa tata krama yaiku pedoman umum tumindak kang ana sambung rapete karo bebrayan, umpamane ngurmati wong tuwa utawa wong sing luwih tuwa.

Tata krama penting banget kanggo para pelajar, amarga ing jaman era digital iki malah akeh siswa kang nglalekake tata krama akibat saka pengaruh gadget, tuladhane game online lan aplikasi digital liyane. Para mudha akeh-akehe malah milih kanggo dolanan online tinimbang nggatekake materi wektu guru lagi ngandharake piwulangan. Ora sathithik saka guru duka lan kuciwa karo tumindak muride iku.

Sadurunge kenal hp, mbiyen para pelajar luwih gampang fokus karo materi kang diwedharake lan luwih ngajeni labuh labete para guru. Nanging saiki, para siswa malah kurang bisa nggatekake materi pasinaon, amarga dheweke kabeh luwih milih fokus menyang dolanan online iku mau.

Miturut ikipsiliwangi.ac.id nuduhake menawa tingkat kecanduan game online siswa ana ing kategori ora kecanduan 38,5%, kecanduan entheng 15,3% lan kecanduan abot 46,2%. Saka angka kasebut nuduhake menawa akeh banget murid kang kecanduan karo game online.  Emane akeh kedadeyan nalika para murid lagi dolanan game online ing sajroning wektu piwulangan ing kelas, dielikake dening guru,  malah ngece lan mbales karo tetembungan kang kurang sopan marang gurune.

Kasus iki ora mung kedadeyan ing siji utawa rong sekolah, akeh sekolah kang nduweni kasus kang padha. Mulane, akeh sekolah-sekolah sing sidane netepake paugeran babagan hp marang muride. Diwiwiti saka ora diolehake nggunakake hp ing sajroning wektu pasinaon ing kelas, kajaba diijinake dening guru, nganti paugeran ora oleh nggawa hp aneng sekolah. 

Sekolah kang ngecakake larangan nggawa handphone nduweni pasarta didik kang luwih unggul jero bab sopan santun. Para murid nduweni sikap grapyak karo guru kang liwat amarga ora sibuk karo handphone dhewe-dhewe. seje karo sikap murid kang sekolahe ora nglarang siswane nggawa handphone, kurange sopan santun saka murid nalika ketemu guru amarga luwih fokus karo handphone dhewe-dhewe. Ananging, iku mau uga karana kesadaran dhiri karo sopan santun marang wong liya saka para murid iku mau. Tata krama lan sopan santun marang wong kang luwih enom utawa luwih tuwa kudu digatekake, saengga generasi kang melek jroning teknologi tetep nduweni unggah ungguh tata krama minangka karakter kang apik.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Ilmu Sosbud Selengkapnya
Lihat Ilmu Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun