Mohon tunggu...
Atiek Rachmawati
Atiek Rachmawati Mohon Tunggu... Guru - Guru

Pendidik

Selanjutnya

Tutup

Pendidikan

Artikel Bahasa Jawa Karya Siswa: Dolanan Tradhisional, Riwayatmu Saiki

2 Juni 2024   11:32 Diperbarui: 2 Juni 2024   11:42 303
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Katulis dening : Levia Kusumawati (Siswa kelas F10 SMA N 2 Surakarta)/dok. pri

Indonesia, negara kang sugih budaya tradhisional, umpamane wae dolanan tradhisional. Dolanan tradhisional yaiku dolanan bocah-bocah ing jaman biyen. Miturut Wakil Kepala BPIP, Rima Agristina, saka data Panitia Permainan Rakyat lan Olah Raga Tradisional, ing Indonesia, ana 2.600 dolanan tradhisional ing Indonesia. Gunggunge iki paling gedhe ing sandenging donya. Ing jaman globalisasi lan teknologi saiki, dolanan tradhisional wis saya dilalekake dening bocah-bocah. Kamangka, dolanan tradhisional nduweni nilai-nilai positif sing penting kanggo bocah. Kaya perkembangan mental, fisik lan sosiale bocah. Sanajan arus globalisasi lan digitalisasi samsaya kuwat, dolanan tradhisional tetep relevan lan bisa dadi alternatif hiburan sing sehat lan mendhidhik. Bocah-bocah bisa entuk pengalaman sosial lan fisik ora bisa digantikake dening dolanan elektronik. 

Dolonan tradhisional kang ana ing Indonesia nganti saiki, tuladhane yaiku dolanan Cublak-Cublak Suweng. Kaya jenenge, cublak-cublak suweng dolananan  tradhisional saka Jawa Tengah. Cublak-cublak suweng iku dolananan sing digayuhake kanthi tembang. Siji bocah bakal dadi sing "tutup mata" lan bocah liyane bakal ndelekake obyek cilik (suweng). Dolananan iki nglatih konsentrasi lan ketangkasan. Dolanan candhake yaiku ana egrang. Egrang iku dolanan sing nganggo teken utawa tongkat sing dipasang ing sikil, sing digunakake kanggo mlaku kanthi langkah sing dhuwur. Egrang ora mung nglatih keseimbangan nanging uga nggawe bocah luwih kendhel. Sabanjure, dolanan tradhisional sing ora kalah gayeng dimainke yaiku engklek. Engklek iku dolanan sing nggunakake panggonan sing jamba lan watu/kerikil. Dimainke kanthi cara nglumpati saka kotak siji menyang kotak liyane kanthi siji sikil. Gunane engklek iki nglatih keseimbangan.

Dolanan Tradhisional Jawa wis ana wiwit jaman mbiyen, lan akeh asal-usule saka kabudayaan kuna. Kaya dolanan layang-layang, wis ditemukake ing prasasti-prasasti kuna, iki mbuktikake yen dolanan iki wis ana pirang abad kepungkur. Dolanan tradhisional ora mung kanggo hiburan, nanging uga sarana edukasi alami kanggo bocah-bocah. Kanthi dolanan Tradhisional, bocah-bocah bisa luwih ningkatake konsentrasi lan sosial bocah. Dolanan tradhisional minangka warisan budaya sing nyambungake generasi. Wong tuwa bisa ngenalake marang anak lan putu. Nguri-uri dolanan tradhisional uga nguripake rasa bangga marang budaya dhewe.

Dolanan tradhisional Jawa iku warisan budaya sing ngandhut akeh mupangat lan nilai-nilai luhur. Kanthi nguri-uri lan ngenalake marang generasi sabanjure, ora mung nglestraikake budaya, nanging uga ndadekake bocah-bocah sing sehat lan cerdas. Nguri-uri dolanan tradhisional bisa diwiwiti saka sekolah. Guru-guru bisa ngenalake kanthi piwulangan jasmani lan ekstrakurikuler. Kabeh pihak, saka wong tuwa, guru, lan masyarakat kudu tembayatan kanggo ngenalake lang nyengkuyung bocah-bocah supaya tetep mangerteni lan melu dolanan tradhisonal. Mulane, ayo kita tetep nguri-uri warisan budaya tradhisional iki supaya tetep lestari. (Editor dening Atiek Rachmawati, 2/6).

Mohon tunggu...

Lihat Konten Pendidikan Selengkapnya
Lihat Pendidikan Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun