Mohon tunggu...
Atiek Rachmawati
Atiek Rachmawati Mohon Tunggu... Guru - Guru

Pendidik

Selanjutnya

Tutup

Ilmu Sosbud

Artikel Bahasa Jawa Karya Siswa: Peran Teknologi Informasi Ing Perpustakaan Digital

30 Mei 2024   21:29 Diperbarui: 30 Mei 2024   21:42 199
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Katulis dening : Devina Dita Prabawati (Siswa kelas F4 SMA N 2 Surakarta)_Dokumen pribadi

Miturut Martin (1999), teknologi informasi yaiku teknologi sing ora mung ana ing teknologi komputer (perangkat keras lan perangkat lunak) sing arep digunakake kanggo proses lan nyimpen informasi. Ananging ngemot teknologi informasi kanggo ngirim utawa nyebarake informasi. Ngrembakane teknologi informasi sing kadadean ing Indonesia salah sawijine yaiku perpustakaan digital. Kairing samsaya majune teknologi informasi wektu iki, kagunaane perpustakaan wis digantekake karo perpustakaan digital utawa kaaran"E-Library". Perpustakaan digital iki klebu "pemanfaatan kemajuan teknologi" sing inovatif banget. Amarga perpustakaan nduweni peran penting dadi sumber informasi lan kanggo ngrembakakake ilmu pengetahuan.

Miturut Lasa Hs (2009), perpustakaan digital yaiku sistem perpustakaan sing nduweni sawetara layanan lan obyek informasi sing ndukung akses obyek informasi liwat perangkat digital. Jaringan perpustakaan digital kapisan ing Indonesia wiwit digunakake ing sasi Juni 2001. Jaringan perpustakaan digital iku nduwe jeneng Indonesia DLN (Digital Library Network). Jaringan perpustakaan digital nduweni ancas nggampangi kalangan akademik lan masyarakat umum. Salah sawijine perpustakaan digital Indonesia yaiku iPusnas. Wektu era Covid-19 pengunjung ing iPusnas gunggunge akeh banget. Kacathet, ing 2019 aplikasi iPusnas diunduh saakehe ping 530.309. Angka kasebut ningkat ing 2020 dadi saakeh 869.412. Ningkate cacah pengunduh aplikasi iPusnas saratan karo ningkate cacah anggota iPusnas. Dikutip saka halaman resmi perpusnas.go.id, cacah anggota anyar iPusnas taun 2020 saakeh 532.498 wong. Angka iku ngalami peningkatan dibandhingake taun 2019 yaiku 331.783 wong.

Perpustakaan digital mestine nduweni sawetara guna layanan kayata :

Fitur panggolekan sing canggih,

  1. Akses tanpa wates perpustakaan digital,

    1. Anane fitur komunitas.

Fitur panggolekan sing canggih iki nggampangake masyarakat kanggo nemu bakal wacan sing jumbuh karo minat lan kebutuhane dewe-dewe. Akses tanpa wates menyang ewonan irah-irahan buku mungkinake masyarakat kanggo ngakses materi wacan sacara instan, tanpa terkendala dening wektu utawa lokasi. Fitur komunitas dadi kaunggulan, amarga mungkinake kanggo interaksi karo sapadha pangguna, menehi ulasan, lan ijolan rekomendasi buku.

Ngrembakane teknologi informasi wis ndadekake perpustakaan dadi luwih digital. Perkara iki ndadekake akses sing luwih gampang lan cepet anggone golek informasi. Perpustakaan digital uga njembarake ruang lingkup sumber daya sing ana kanggo pangguna. Panggonan entuk nggoleki, ngakses, lan menehi pengetahuan kanthi efisien. Liwat teknologi informasi, perpustakaan digital ora mung nyimpen lan nyediake akases informasi, nanging uga memfasilitasi menehi pengetahuan kanthi global. Mangkana, perkembangan teknologi informasi wis ngubah peran lan guna layanan perpustakaan, ndadekake luwih relevan lan efisien ing era digital iki. (editor dening Atiek Rachmawati, 30/5)

Mohon tunggu...

Lihat Konten Ilmu Sosbud Selengkapnya
Lihat Ilmu Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun