UDAN SALAH MANGSA
Dening : Atiek Rachmawati
Geneya udan ing mangsa ketiga
Banjur aku nyalahake sapa
Apa udan ?
Apa mangsa ?
Apa manungsa ?
Kersane sing kuwasa
Kanggo kaca benggala
samubarang gawe waton sulaya
manungsa wis lali marang sing kuasa
kapencut marang pangkat lan bandha
tindhak tandhuke tansah reka reka
tundhanipun manungsa mangan manungsa
Ealah pancen jamanne jaman edan
Yen ora melu ngedan pancen ora bakal keduman
Dumeh wis mulya
Lali samubarang cipta, rasa apa maneh karsa
Udan salah mangsa
Geneya udan ing mangsa ketiga
Sumangga....
Aku pamit seleh
(udan riwis ing wulan Juni 2022)
Geguritan 2
Ing Sajroning Impen
Dening : Atiek Rachmawati
Ora bakal mokal
Snadyan akeh kang padha kelangan
Ora amung saderma rasa
Kang dadi kuncining raga
Ati bisa kok apusi
Esem ngguyumu bisa nutupi
Dak rasa tetep aku bisa
Guyup melu ndonga tan bisa apa-apa
Iki impenku
Amung teka ndhodhog kori ragaku
Kayadene ngadeg ing ngarepanmu
Ngudhar rasa kaya adat saben ketemu